Kumpulan Geguritan Kolaborasi Romantis

Rabu, 02 Mei 2018

Dasih.. Sih.. Kinasih
(Diyah Laras Santi)

Tumuruning sang ranu
Tumetes saka netraku
Anelesi jiwa
Kang tanpa tresna

            Praptamu..
            Ngusadani laraning ati
            Praptamu..
            Pindha sumunaring bagaskara.
            Kang madhangi jagad

Tanpa sumunarmu,
Manungsa tanpa daya
Sumunara aneng uripku, Dasih
Nganti sang bagaskara
Datan bisa sumunar maneh.

            Dasiiiiiiiiiihhhhhh
            Dasiihhh
            Siih
            Dadya salawase
            Sih
            Kang kinasih.
Temanggung, 22 Januari 2017.






Payungan Banyu Udan
(Hyuda)

Kumepyak
Nalika reroncenan udan ambyar ing tapak tilas
Njelma dadi kembang trate aneng kali alas
Ngancani lakune janma kang ngemis welas
Ngrudapeksa nundhung rudah tanpa ancas

            Hamung udan kang bisa ngantheni
            Tetes-tumetese dadi payung luhku mili
            Tembung “Sing ngati-ati” dak kekep jero aneng ati
            Minangka tembung pungkasan nyekseni aku bali

Pujaningsun,
Aja lali karo janji
Setyamu sing dak anti-anti
Minangka daya kang ndayani
Nganti titiwanci rong janma nyawiji.
Semarang, 22 Januari 2017






Tresna Kang Kinasih
(Hyuda)
Kinasih,
Esem kang kasungging aneng pasuryanmu,
Amung kuwi kang dadi dayaku.
Sunar tan bisa sumunar,
Yen ta mega mendhung mampir aneng netramu.

            Kinasih,
            Aku ora bisa njelma surya nalika rina teka,
            Yen sliramu isih singeban tatu.
            Lan..
Aku ora bisa dadi candra nalika peteng ngraja,
Yen sliramu isih kabuntel tresna sing ora cetha.

Kinasih,,
Aku dudu empuning tresna.
Sebab aku ya butuh sih tresna.
Aku ya dudu dewaning tresna
Jalaran sejatining tresna,
Hamung duweke dzat kang maha tresna.

Tresna kang kinasih...
Ranu sing abyor ing tawang netramu
Mugya dadi pungkasaning luh tinatu
Lan ganti dadi luh gumuyumu....

Semarang, 23 Januari 2017.






Sinandhing
(Diyah Laras Santi)

Nyawiji
Siji
Nyawiji dadi siji
Jaler lan estri
Nyawiji dadi siji

            Nyawijining rong janma
            Kang kebak ing tresna
            Nggagayuh apa kang dadi gegayuhan
            Lestariya sedaya kang kaesthi
            Kudangane sang juru wicara

Mugi katekan
Sineksen wong tua lan tangga
Sesandhingan karo sang raja
Nadyan mung raja sedina
Kebak ing kabagyan
Ngguya-ngguyu
Mesam-mesem...

            Mugi katekan
            Mugi gusti mangestoni

Temanggung, 23 Januari 2017.
(Dak suwun bareng-bareng memuji,
muga apa kang kaesthi bisa
kasembadan)





Estu, Pangestu Mangestoni
(Hyuda)
Mangestoni jiwa janma kang nyawiji,
Lumantar karsa nglaras rasa.
Rasa kang nyata sing ora nyata,
Nyatane sarasa rasa kang raras arum.

Arum gandane sumigrak ambyar ing kabagyan.
Kabagyan kang kadya bagaskara tanpa aling-aling mega.
Cumlorot anget madhangi jagad.
Jagade janma kang kebak tresna.
Tresna kang nyata sing ora nyata.

Nyatane amung sira, ora ana liya.
Liyane lila lali marang laku kang kapungkur.
Umpamaa ana, paling pujangga lali nulis crita.

Yaaaaa muga-muga....
Muga-muga sing maha tresna uga lila.
Lila nglilani lan mangestoni,
Mangestoni rong janma nyawiji.
Nyawiji tresnane, nyawiji rasane, nyawiji pandongane.
Pandongane yaiku nyawiji selawase.

Semarang, 24 Januari 2017.






Oneng
(Diyah Laras Santi)

Gumuyumu pindha rembulan
Kang sumunar ing madyaning rembulan
Sumorot ngenani pucuking cemara
Endah tanpa langenan.

            Cahyane ngintip aneng plataran.
            Maweh padhang kang koneng.
            Dasih,,
            Muga bakal teka
            Anutupi kaendahaning candra

Dak jaluk cahyamu ora sirna
Amung cahya kang katutup mega
Nanging rasa tetep ngrembaka

            Rina datan karasa
            Ratri tansah gegirisi
            Nalika mung wewayangan amitrani

Dhuh hyang suksma..
Menika raos menapa,?
Dhuh hyang maha tresna
Muga enggal antuk tamba.

Temanggung, 24 Januari 2017.
(3 dinten boten kepanggih,
kraos sampun dangu banget.
Pranyata kapang iki nyiksa ati, Dasih)






Dasih
(Hyuda)

Tamba apa sing kudu dak goleki?
Nalika ati ngramu tekamu yayi?

Amung tembung dasih kang katembang
Bebarengan karo thukule lintang
Endah kerlap-kerlip ing tawang
Pindha mustikaning ywang

            Dasih,
            Uga tembung kang katembang
            Nalika oneng nganglang
            Rondha aneng panyawang

Nadyan ta rasane seseg ing ati
Nanging ati datan bisa getuni
Jalaran kuwi wernaning ati
Werna kang marnani

            Dasih,
            Aku pitayaa marang gusti
            Yen ta kuwi bakal endah ing titiwanci
            Sebab kuwi wis dadi pepesthene gusti.
Semarang, 25 Januari 2017.






Impen
(Diyah Laras Santi)

Salawase?
Muga ora mung ujare

Muga bisa dadi nyata
Ora mung kandheg ing kandha
Merga tansah kelara-lara
Yen ta kuwi mung setya

Aku nyumpena
Yen ta aku karo priya liya
Sesandhingan kaya dene raja
Amarga dhawuhe wong tua

Aku mung bisa muwun
Mangewu-ewu getun
Ora bisa lestantun

Muga mung wewayangan
Kang ora bakal katekan
Muga amung weweden
Kang kandheg ing sajroning impen.

Temanggung, 25 Januari 2017.
(wungu-wungu langsung muwun,
 ajrih menawi dados kasunyatan)








Impen Kang Kagurit
(Hyuda)

Impen,
Sawijining alam kang ora sineksen
Kadhang ngambar ganda kabagyan
Kadhang nyawur rasa miyur

            Nalika impenmu kagurit
            Rasaning ati kaya dene kasuwir
            Dayaku asat ora sisa
            Dayaku minggat ninggalake raga

Yen ta kuwi pratandha
Muga ora padha sing dak pikirna
Yen ta kuwi kembang turu
Muga aja gawe tatu
Yen ta kuwi piweling
Muga bisa dadi pangiling

Semarang, 26 Januari 2017.






Gusti
(Diyah Laras Santi)

Gusti,
Gusti pamurba jagad raya
Pamisesa alam donya

            Sembah sujud kula katur,
            Wonten ngarsanipun paduka.

Gusti,
Kula amung kawula alit
Kang kebak ing dedosan,
Kanthi esthi ning manah, dhuh Gusti,
Nyuwun agunging pangapunten dosa kula

            Gusti,
            Gusti pamurba jagad raya,
            Pamisesa alam donya,

Gusti kang maha kuwasa
Kang maha pirsa
Kang maha tresna

            Paringana marga
            Lampah sih tresna menika

Temanggung, 26 Januari 2017.









Tresnaku Ginawa Mati
(Hyuda)

Menika laku kang kebak carita!
Ngganda tresna kadya mimi lan mintuna
Rasa kang nora bisa kapegatake kelawan sapa,
Sapa kowe....
Sapa aku...
Uga sapa dhekne...
Jalaran amung gusti kang nitis rasa.. ora manungsa...

            Yen sira pitaya kinasih...
            Gusti ora bakal kleru nitik rasa.
            Rasa kang tinitis, wis katitik saben manungsa

Hamung kelawan donga lan manengku puja,
Muga Gusti kersa paring daya.
Ndayani tresna lan janji prasetya

Ya...
Tresnaku lan tresnamu,
Sing wis dadi kanugrahaning Gusti.

Muga ora mung sawetara,
Nanging, nganti tumekaning pati
Muga gusti ora mung gojeg blaka
Nangin, pancen rasa sing wis pinesthi.

Semarang, 27 Januari 2017






Pangilinging Laku
(Diyah Laras Santi)

Pangiling laku
Laku tama janma manungsa
Nora liya kahanan ing donya

            Bisa arupa tandha sasmita
            Saka Sang Hyang Suksma
            Kanggo wujuding Purba wisesa

Sang narendra
Narendra ing jagad raya..
Muga datan ana rubeda
Apa maneh godha rencana

            Nir ing sambikala
            Lampahnya
            Kula lan paduka
            Nganti impen kang endah bisa tumanja

Dadya
Salah sijining pangiling laku tama
Kang njejege laku
Kang njurung laku
Kang dadi pamong-ku.

Temanggung, 27 Januari 2017.






Puja-Pamuji
(Hyuda)

Pamong-ku,
Pamong kang satuhu
Satuhu ing rasa pangrasaku
Satuhu sajroning luh katresnanku

            Kanthi ilining ludiraku
            Puja-pamujiku tansah mbanyu biru
            Ngreksa rasa, nglaras laku
            Supaya adoh saka bebendu

Pamong kang satuhu
Pamong kang sajati
Pamomong ing laku
Pamomong ing pati

            Amung gusti sawiji
            Kang murbeng dumadi
            Amung gusti sawiji
            Kang kebak pamuji

Semarang, 30 Januari 2017.






Rina lan Ratri
(Diyah Laras Santi)

Pinesthining Gusti
Tumekaning rina lan ratri
Pinesthining Gusti
Yen rong janma nyawiji

            Rina tumeka sawuse ratri
            Sawuse ratri ana rina
            Rina lan ratri tumeka gumanti

Aja cuwa ana ning wengi
Merga wengi mesti gumanti
Percaya marang kersaning Gusti
Merga Gusti ra bakal balenjani

Temanggung, 29 Januari 2017.


Categories

Diberdayakan oleh Blogger.