Transkrip dan Kodikologi, Naskah Serat Pratelan Wesi Aji miwah Serat Primbon Jati

Jumat, 26 Oktober 2018



TEKS SERAT PRATELAN WESI AJI MIWAH SERAT PRIMBON JATI
4.1    Deskripsi Naskah
Judul Naskah                                                  : Serat Pratelan Wesi Aji Miwah
  Serat Primbon Jati
Nomor Naskah                                                : RP 219
Bahan Naskah                                                 : Kertas bergaris
Tempat Penyimpanan Nasakah                       : Museum Radyapustaka Surakarta
Keadaan Naskah                                             : Naskah dalam keadaan utuh dan
  masih bisa dibaca
Ukuran Naskah                                               : 32 x 19 cm.
Tebal Naskah                                                  : 61 lembar dan ada nomor halaman
  tapi ada beberapa lembar yang tidak
  berhalaman
Jumlah Baris Setiap Halaman                         : 32 baris
Huruf / Aksara
a.       Jenis Tulisan                                   : Aksara Jawa
b.      Ukuran Tulisan                               : Kecil
c.       Bentuk Huruf                                 : Miring, dengan arah kemiringan ke
  kanan
d.      Keadaan Tulisan                             : Kurang jelas
e.       Jarak Antara Huruf                         : Rapat
f.       Warna tinta                                     : Tinta Hitam
Bentuk Teks                                                   : Prosa
Bahasa                                                            : Jawa
Umur Naskah                                                 : -
Cara Penulisan
a.       Penulisan naskah                            : Satu muka
b.      Penempatan pada lembaran            : Sejajar panjang
c.       Penomoran halaman                       : Terdapat penomoran pada naskah,
                                                          akan tetapi ada beberapa lembar
                                                          yang tanpa nomor halaman
Isi Naskah                                                      : -


4.2    Transliterasi
(1)punnika pratèlan nyariyossipun hiweşi aji bagiyan ikang sapisan. punnika cariyossi weşi, wasiyat saking PaNnembahhan karang, inggih punnika ikang wasta mudhik Bathara karang, nalika tapa wonten salebetting samodra, awasta Bathara teteg bumi, nalika kèndel wonten ing wardi marapi lajeng tetruka, awasta kyahi empu mudhik Bathara karang, inggih punnika ingkang mulang PaNdhiTa empu ramadi, kawulang dèning kyahi mudhik Bathara karang, wondènè wulangngipun kados ing ngaNdhap punnika.
“bab 1”
Yèn ana weşi dithithiNthing unninè kayata wos eNdhas, ngeng, hototè kaya banyu lahut, iya iku kang aran wesi karang kijang, kasiyattè ampuh, lan hanteb tibane, hora gelem mangan yèn ora paşthi mati, lan sabar, iya iku paNdhitanning weşi, pakannannè balung heNdhas kutuk, kulitting endhog pitik ireng mulus dicarub banyjur diwurwurrake, aja pisah lenga wangi lan kutug.
“bab 2”
iki weşi puraSaNni, lan weşi garindhu aji, uninnè, gur, iya iku dhadhanning weşi, kang duwè weşi mengkono wus dadi gagaman, dènè otottè kaya watu Asih, rupannè gijo nyamber lilès, watakkè kang nganggo tulus, kèringngarun  wong sanaNara, dihandel mring wong akèh, lumintu rejekine, gelis oleh kalungguhhan, nulak cilakannè kang nganggo, ampuhhe ngluwihi upassè ula lannang, sarta hula kang mandi, yèn dianggo perang ora ana mimis kang tumama pakanannè, cucukkè manuk platuk bawang sabalungngè, lan balung manuk prekutut, digerus banyjur diwurwurrakè karo dhedhes.
“bab 3”
iki weşi mèngangkang, rupannè ireng rada wungu, otottè katon wadhak, sanging kaya bludru, saka carita weşi iku lannang, wadon, asallè saka ula NaGa kang ana sajronning lauttan, yèn olèh weşi mengangkang, yèn lannang wus dadi gagaman, yèn dianggo perang, mungsuhhè padha wedi, marga katon ula NaGa, ampuhhe kaya ngilang sagetih saka awakkè, watakkè dheppan, landèn kraşanni ing dunya sarta dadi pannawarranning upas, iya iku pangèranning weşi, uninnè, dru, swarannè dawa, pakanannè, balung èNdhas macan, balung bannyak dibakar diwor warangngan diwurwurrakè, lengannè bentaro laNdhèdhes. iki wèşi mèngangkang ilunne Naga kang wa(2)don unninè “dheng” ambrengengeng, ulessè wungu semu biru, otottè kaya uyah ting parelik kasiyattè ginnawè ngawula ditresnanni marang wong akèh yèn dianggo lulungan akèh rejekinne, ora ampuh, nanging gatel ora kena ditambanni, dadi lara budhug, pakannannè balung salira, balung kuwi ireng mulus, lenganne kusambi kennanga gajih ayam.
Bab 4
Wesi walulin uninne “gung” lan gumeter ulese biru ototte kaya wedhi malela iyahiku diarani wesi akas, bisa anggawa harta dhewe astulus kang den ingu kajen ing wong akeh bisa angrampungi prakara kang angel, ampuh, wanan lir geni pakannanne balung tekek, balung laNdhak, lan kayu garu den wor iwur wurwurake lenganne krambil ijo
Bab 5
Wesi katup uninne “kung” ambrengengeng ulese ireng semu ijo ototte kaya rambut cahyanne lir pangilon kasiatte tapa karepe kang nganggo gelis katekan lan awas manawa dianggo lunga bengi, yen dianggo perang luput mimis gagaman lan kareppe aNdhisikki yen dianggo dhagang gelis sugih lan salamet iku wesi asal saka watu item pakannanne balung kebo, balung kancil, dibakar lan wedhi malela lenganne lenga wijen lan lenga Klendhang.
Bab 6
Weşi samboja ulèsse putih mrusuh, ototte kaya gadhung pating barèyèp, uninne “ngo” sajronning rungon ana rungon manneh thing ngangang dawa, hiya hiku kang dadi putrinning wèşi kabeh, hasalle saka watu selan kasiyatte kaya wèşi puraSaNni. nanging ora gèlèm dikumpullake karo wèşi liya ora kènna dianggo dhèmènnan gèdhe bekasse ora kènna dianggo annyonyolong lan mamaling, karèppe kaya ratu lan ditrèsnanni wong akih, lan ora kènna susah ing ngati, kudu asuka suka, ampuhhe ngluwihhi, pakannanne kayu cèNdhaNa, kayu tanyjung, balung ngayammalas, balung raşe, didhèplok diwurwurrake, lan lènga dhedhes lè(3)nga trègulus.
Bab 7
Wèşi ambal, uninne ambrèngèngèng gumètèr kaya ana dhudhuwurran wèşi iku ampuh, asal saka watu gunung, ulèsse putih semu abang ora kènna tahinnèn ngluwihhi kasèktenne yen ana pakewuh kang nganggo ora katon, lan bisa nèkakake wèşi kang bècik iya iku kang dadi gurunning wèşi, bisa nyirèpi uwong, yen dihanggo padu dennut saujarre pakannanne oyotte jèku jènu2 lan gadhung gènyje, kulit bukur lan kalothokkanne Amwa 2 didhèplok diwurwurrake, lenganne goNdopura, lan polo tèkek.
Bab 8
Wèşi siNdu aji asal saka laklakkanne mudhik Bathara ulèsse kaya kaca putih lan biru, amèdenni, uninne “dhung” kang nganggo tèguh, kuwat wiyaNa, ora bisa kerèm sajronning banyu, dihanggo prang kang nganggo ora katon, pakannanne rasak nampu (2) lèmah abang den bakar diwarup diwurwurrhake, lènganne wijen.
Bab 9
Wèşi tumpang, asalle saka jagat iyaiku kang dadi kanycingnging wèşi yen sinnawang suwe suwe katon bagus, ulèsse biru sèmu wungu, uninne “jung” ngumaNdhang, yen ana gawe kahunus mungsuhhe kamitènggèngngèn lan ora duwe bayu, pakannanne balung bebek balung garangan lan warangngan didheplok kawurwurrake, lènganne gajih ayam.
Bab 10
Wèşi wiraNni, asal saka wasir gunung selan lan sarupanne wèşi kaungkullan mandine bisa ambosoKake kulit daging babalung hotot, uninne “ming”ngeng” ulèsse ngèmbang tèlèng, yen dianggo sabarangngan milalatti, lan kangdar belakudur ora kuwat, yen laku suwi gèlis oleh kalungguhhan, kasèktenne bisa mlumpat adoh lan bisa ora katon tèguh salamèt pakannanne balung wong balung hèNdhas ula lan banyu jèruk pècèl sarta kayu urip didèplok dicènycèm sapuluh dina, lènganne krambil hijo.
Bab 11
Wèşi wèlangri, asal saka, watu sajronning lahut, ulèsse kuning putih (4) sèmu ijo, uninne ambrèngèngngèng slamèt dianggo luru saNdhang pangan annanging ora wènnang potang dadi pannawaranning upas, yen dianggo lulungan aring kapranggul sannak, pakannanne balung mannuk dara, warangngan lan babakkan kayu asèm didhèplok diwurwurrake, lènganne gajih ayam.
Bab 12
Wèşi tèrate asal saka watu Acih, ulèsse irèng nglumut, uninne “nèng” ambrèngèngngèng, dianggo nyolong wong wadon gèlis oleh lan ora kènna dialanni ing wong, pakannanne cangkok kèmmiri, mènyan madu, diwurwurrake, lènganne dhedhes.
Bab 13
Wèşi malela ruyun asal saka watu cèNdhanni iku luwih dene karèppè ulèsse putih sèmu biru seratte kaya rambut uninne “drèng” gumètèr kang nganggo teguh kasiatè kaya wèşi gariNdhu aji sapa kang nganggo kèndèl pakananne warangan lan eNdhog. Pitik putih lengane pucambi lan kenanga.
Bab 14
Wèşi malegandaga kang uga aran wèşi loyang kasiatte ora dèn dukani ing wong ngagung lan keringan uninne “bung” ora duwe pakareman.
Bab 15
Wèşi eNur ulèsse irèng kaya wulu gagak yen didèlèng mèdèni yèn di putih jèruk rupane biru hunine “srung” brèngèngèng laNdhung kaya sungsun tan kèna kapanasèn dadi tèmpuk yèn di atos sakèmanèh usapana gètih dianggo dagang akèh untungè lan diasihi wong akèh lanang wadon tuwa anom padha asih kang nganggo sakarèpe dadi lan sinung tèguh wèsi iku dadi tètaline wèşi kabèh asal saka laklakane hyang mudhik bathara bali nalika ana nang jroning sagara ilune kang kacipta dadi wèşi pakananne lnga sanNdu
Bab 16
Wèşi tumbuk ulèsse putih sèmu kuning pating karètèp kaya watu padhas, uninne “gong” lan “brèng”  iku kang diarani gè(5)dhong dunnya bisa simpen sabarang ora kena di alani ing wong yen kahunus sakeh ing wong satru mungsuh sato khewan kang galak kang mandi sarta jim setan lemah sangar kayu Aheng memedi padha lumayu wedi giris kaya katon ana kang buru, sarta katon murup wesi iku asal saka, gunung selan gatel pakanane kikiran gangsa balung endhas baya warangan di wur-wurake lengane wijen.
Bab 17
 Wèşi balitung, ana loro cacahhe, asal saka pratu, rupanne irèng alus kang dibakar dadi wèşi bècik ulèsse wungu silèm uninne “mung” laNdhung, kasiyatte dianggo marang sagara sèrèppan antuk iwak akih lan nèmu pèNdhèmman mas lan salaka dianggo nènnandur kalis ing ngama, pakannanne lèmpung lan warangngan diwurwurrake lèmganne sabarang.

Bagiyan ingkang kaping kalih ing ngaNdhap punnika pratelanning wèşi ingkang awon asarripun.
Bab 1
Wèşi malik, ulèsse irèng mrèkutuk kasab, uninne “thong” dawa “brung” anut lakune mangan kang nganggo rampas banyjur pomahhanne.
Bab 2
Wèşi gakanten ulèsse putih wèlu kaya wèşi mèntah, alus nanging bèlang bèlang uninne “brung” cilik kèmeng kudu mègattake wong laki rabi lan wong sadulurran, jahil, dianggo nyolong ora konnangngan. asal saka blèndok watu.
Bab 3
Wèşi balitung kang ala, uninne “thèng” cèkak, ulèsse biru pating blèntong mangkak, kang nganggo kasusahhan lan kamlarattan, praşan atinne kaya kènna donga saka wong wadon.
Bab 4
Wèşi mèntah, ulèsse kaya klothokkan keyong gèdhe uninne songngar “brung” gawe isinne kang nganggo annak bojone ginawe susah wong akeh, bisa angguyokake wong ngakeh, prasasat badhut. (6)
Bab 5
Wèşi kèlèmman uninne “ngung” cilik laNdhung, sapa kang nganggo akih laranne lan boros kadunyanne, ulèsse irèng kasab angluguttan pacahya kèrèp didukanni wong gèdhe, lan kèrèp bingung sarta bodho.
Bab 6
Wèşi dhèkuh asal saka eblis, kang gawe bangèt pannasse, lanycang sarta dhèmèn gawe sèsatron, rupanne biru semu abang sawangnganne singit uninne “hung” laNdhung ambrèngèngèng.
Bab 7
Wèşi puraSaNni, diwor wèşi malik ulèsse biru mrèkutuk kasab yen disawang bagus annanging suwe suwe ilang cahyanne, uninne “thang” bènnèr lukka, yen dianggo ngawula bècik ngarèp ing buri ana caritanne sabab karèppe kudu goroh, dianggo dagang gèlis untung nanging gèlis èntek .
Bab 8
Wèşi karang api diwor wèşi malik, rupanne biru mrèkutuk kasab sèmu samun, uninne “thong”ngung” yen bènnèr ora ngapa ananging kèna basan saka awakke dhewe yen luk luwih pannas lanyceceggan.
Bab 9
Wèşi mèngangkang awor wèşi malik ulèsse irèng sèmu wungu mrakutuk pating krètèp uninne “trong”dhung” watakke pannas barannan pètèng ngannaten lan anglurahhi wong ala, diwèdenni nguwong nanging sadhela kèrèp oleh dunya nanging ora lawan dipangan .
Bab 10
Wèşi mèngangkang wadon awor wèşi malik, ulèsse biru mrèkutuk pating krèlip kasab, disawang suwe suwe pucet, uninne “thong”dhèng”, yen luk dianggo adol tinuku bècik nanging kèrèp padu lan bithen, yen bènnèr boros margo gèringngan tan ana warasse.
Bab 11
Wèşi walulin awor wèşi malik ulèsse biru mrèkutuk kasab bèlang bèlang lan sèpi, uninne “ngong”gung” yen lu(7)k kang nganggo kèrèp ngabuk abuk duwekking wong yen bènnèr dadi bèkèl desa bisa ngingu kèbo sapi, nanging kèrèp kaelangngan.
Bab 12
Wèşi katup awor wèşi malik ulèsse irèng sèmu ijo manyceret mrèngkutuk kasab sèmu samun uninne “thong” kung” yen luk mannawa ana gawe kagettan mara tangan yen bènèr dadi kalamèntassèn gowang gowang, yen ana gawe ucul saka tangan lan susah dianggo golek wong wadon gèlis oleh.
Bab 13
Wèşi sèmboja awor wèşi malik, ulèsse mrèkutuk mrusuh kasab lan samun uninnne “thong”ngang ngang” yen luk sugihhan nanging kèrèp padu karo bojo, yen bènèr akeh bilahinne, yen lulungan asring kataton.
Bab14
Wèşi ambal awor wèşi malik ulèsse biru sèmu abang rada mrèkutuk kasab rèşik uninne “trong” muluk sapa paranne yen bènè dianggo mamaling oleh ngamal dunya akeh, lan akeh wong wèdi bisa bicara dirgama yen luk ilang ginawa banyu sarta ilang gagawa dunya.
Bab 15
Wèşi wiNdu aji awor wèşi malik ulèsse biru mrakutuk kasab biru lir sungu disawang suwe suwe samun uninne “thong” nggèrèng, kang nganggo lara edan karo jim utawa karo bojone, yen dianggo golek kauntungngan anneng sagara gèlis oleh, dianggo gogolek iwak bisa antuk akih.
Bab 16
Wèşi tumpang awor wèşi malik ulèsse semu wungu putih lumèr mrèkutuk uninne ”thong” jung” laNdhung swaranne, kang nganggo karèm sènggama kènna dianggo ngapussi yen luk kèrèp digolekki sannakke kang lara ati, kudu gawe sumèllang.
Bab 17
Wèşi weraNni awor wèşi malik rupane pucèt semu biru mrètutu(8)k uninne “thong” anggèrèng kang duwe aralumpuh lan balung sarta asring kataton iku aran durga ngèrik
Bagian ingkang kaping tiga
Anyariosaken pamor ingkang sae kangge pusaka kados ing Ngandhap punnika pratelanipun.
1.      Aran gabrèbul guyub anneng bongkot ing gonne yen dianggo pèrang tèguh bisa anyjaganni ing nganggo iku agèmming ratu règanne satunnagara.
2.      Aran raja Suleman di anggo tumbal nagara lan lalara dianggo pèrang bisa ngayomi rowang sarta di wèdèni jim setan lan manungsa ora kèna dialani iku agèming ratu règanne sewunagara
3.      Aran surya dianggo jimating nagara sarta tutulak lan sugih yèn ana gawe lunus murup manungsa wèdi asih iku anggonne prajurit règanne sanagara.
4.      Aran batu lapak lan bisa tumurun marang anak putune lan akèh wong mumule arang susah lan bisa anggayuh gayuh iku agèmming ratu.
5.      Pamorban rankal anganggo kuwat winèdèn jim sètan lan bisa ngrusak kang angkèr angkèr dianggo pèrang mènang dianggo tukaran karèppe aNndhinginni sinung kaslametan.
6.      Aran ratu pinnayungngan  bisa parentah wong bisa nata nagara sabarang karşanne tinèkan.
7.      Aran kuMbala gèni yen ana gawe diunus katon murub lan ora ana kang madhanni jim sètan padha wèdi barang karèppe gèlis katèkan lan ora kèna digamani ing wong. Kendel lan bisa tulung rowang.
8.      Aran kutha meSir yen dianggo pèrang ora bisa katon mungsuh kinèpungnga tan bisa kacèkèl ora kèna diarani tèguh bisa ngaling ngalingi rowang luput ing ngingis bisa simpen donya.
9.      Aran raja likasan yen dianggo pèrang kinèpungnga musuh lan katon lan tan kènna dialanni ing wong tulus dunnyanne bènèr pikirre bisa mlumpat adoh kalis ing lalara adoh bekane cèpak jatu kramanne lan saNdhang panganne sinung kadrajattan tapa barang sèdyanne katèkan disihhi wong akeh sarta ??? tulus ing rèjèkinne tamat. (9)
Punnika ukur dhuwung ingkang awon utawi ingkang sae kados ing ngaNdhap punnika kamèrangngannipun.
1) gunung, 2) gugur, 3) sagara, 4) asat.
|| Dene pratikèllipun ngukur paNjangnging dhuwung, awit saking gonyja ingkang cèlak pèsi dumugi pucuk majèng katèkuk marapat ingkang saprapat lajèng kaukurrakèn saking gonyja cèlak pèsi mangaNdhap ing pundi dhawahhipun lajèng kaukur malang  sawiyarripuN dhuwung ingkang kaangge ngukur malang sawiyarring dhuwung wau sapalihhing ngukur panyjangnging dhuwung satelassipuN dhawah punnapa.
1.      yeN dhawah gunung, sae
2.      yeN dhawah gugur, awon
3.      yeN dhawah sagara, sae
4.      yeN dhawah asat, awon
|| dene pangetangipun kaping kalih saking pucuk mangnginggil pratikèl utawi pangetangngipun sami ugi kados kasèbut ing nginggil wau.
Ing ngaNdhap punnika bab pratelannipuN dhapur dhuwung. Dadamèllan ing pulo jawi ingkang kagèm ing bongsa luhur, utawi priyantun sannessipun tuwin para tiyang alim sadaya nalika ing jaman kinna, annanging namung dhuwung ingkang dados paugèrran kemawon mènggah anggen kula annyorahakèn waNdanning dhuwung ing jaman kinna wau supados aNdadossakèn kasènnèngannipun para ingkang kaparèng angunni nganni, wondene bilih wontèn lèpattipun mugi aparèngnga pangaksama. Ingkang kacariyos awit ing taun jawi sangkala “152” dumugi ing taun “725” mènggah kathah ing dhuwung “18” warNi, inggih punnika yaşannipun para dewa angejawantah, kados ta.
1.      Dhapur lar ngatap
2.      Dhapur pasopati
3.      Dhapur cuNdrik
4.      Dhapur jalak dinding
5.      Dhapur kala mişaNni
6.      Dhapur balebang
7.      Dhapur tilammupih
8.      Dhapur sèpang
9.      Sumpana bènnèr
10.  Dhapur sumpana luk
11.  Dhapur bangodholog
12.  Dhapur santan
13.  Dhapur karacan
14.  Dhapur bakung
15.  Dhapur yuyu rumpung
16.  Dhapur carubuk
17.  Dhapur kèbo aji
18.  Dhapur singa
Ing ngaNdhap punnika pratelannipun para NaTa ingkang awit yaşa dadamèl (10) sarta namanning èmpu ingkang anggarap sakathahhing dhuwung yaşaNdalèm.
Sri Paduka maharaja dewa Buddha, inggih punnika Sang hyang Guru NaTa duk mangejawantah wontèn ing madyapada, jumèNèng NaTa wontèn ing wukir maleNdu, ing mangke nama ardi lawu, ugi winastan ing nagari Paurwasarita, Sang hyang Guru NaTa wau karşa ayaşa dadamèl warNi warNi ingkang kathah, kathah boten kacariyossakèn namung yaşannipun ingkang warNi dhuwung kasèbut ing ngandhap punnika.
1.      Dhuwung dhapur lar ngatap, satèngah kahol dhuwung dhapur lar ngatap punnika lèrès mawi sogokkan kakalih dumugi ing pucuk ing ngajèng tanpa sèkar kacang, ing gonyja wingking tanpa grenneng.
2.      Dhuwung dhapur pasopati, satèngah kahol dhuwung dhapur pasopati punnika lèrès mawi sogokkan kakalih ing ngajèng sèkar kacangngipun sèpang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
3.      Dhuwung dhapur cuNdrik, punnika lèrès ganyjannipun kuwangsul mawi grenneng mawi sogokkan kakalih.
|| Ingkang damèll annama èmpu ramadi, kala taun jawi anglèrèssi sangkala “152”.
2). PanyjèNèngngannipun NaTa raja Balya, inggih punnika Sang hyang Siwah nalika mangejawantah jumèNèng NaTa wontèn ing madyapada akikitha wontèn ing mèNdhang siwaNda, mèNdang siwaNda punnika kaprènnah ing tannah madiyun Sang hyang Siwah wau putrannipun sang hyang Işmaya, dados prènnah kaponnakannipun sang hyang Guru NaTa raja Balya punnika ugi angarşakakèn yaşa dhuwung satunggal dhapur jalak dinding, punnika lèrès mawi pejettan mawi tikèl alis mawi sèkar kacang.
|| ingkang damèl annama èmpu Isakadi kala taun jawi anglèrèssi sangkala “216”.
3). PanyjèNèngngannipun NaTa raja Berawa inggih punnika Sang hyang kala nalika mangejawantah jumèNèng NaTa wontèn ing salerripun wukir maheNdra wèwèkon wanatulyan wukir maheNdra punnika dipunwastanni ardi lawu wanatulyan kaprènnah ing tannah kuwu Raja Berawa wau karşa hiya şada (11) damèl warNi dhuwung dhapur kala mişaNni punnika lèrès mawi sogokkan kakalih, ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jalen mawi lambe gajah ing gonyja wiking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu Sukskadi kala taun jawi anglèrèssi sangkala “230”.
4). PanyjèNèngngannipun NaTa raja Buddha waka, inggih punnika Sang hyang Brahma kala mangejawantah jumèNèng NaTa wontèn ing nagari SawaNda lajèng kaèlih nama nagari mèNdhang kamulan, raja Buddha waka karşa hiyaşa dadamèl warNi warNi, saha dhuwung kados ingkang kapratelakakèn ing ngaNdhap punnika.
1.      dhuwung dhapur tilamupih punnika lèrès mawi pejettan mawi tikèl alis.
2.      dhuwung dhapur balebang punnika luk sawèlas mawi sogokan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wiking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu Brama gèdhali, kala taun jawi anglèrèssi sangkala “261”.
5). nalika raja Buddha waka ginnitik prang dhatèng raja Bewe ing wana tulyan raja Buddha waka sawadyannipun kengsèr mangilen puruggipun dhatèng tannah prayangngan, kendèl ing wana mèNdhanggili, lajèng kikitha ing ngriku sarèng sampun rampung kitha mèNdhanggili kaèlih nama nagari ingGiling wèşi, raja Berawa wau angadhaTon ing mèNdhang kamulan.
|| Sang hyang wişNu amangejawantah ingkang kaping kalih jumèNèng NaTa ing madyapada, angadhaTon ing mèNdhang kamulan raja Berawa kinnen angratonni sakathahhing lèlèmbat. Raja Berawa amituhu sareh ing Sang hyang wişNu, Sang hyang wişNu lajèng ajujuluk maha raja Buddha krèşna, nagari mèNdhang kamulan lajèng kaèlih nama nagari Paurwa carita, raja Buddha krèşna wau inggih anurun sawarNinning dadamèl kados ingkang kasèbut ing ngajèng saha yaşa dhuwung kakalih ingkang kapratelakakèn ing ngaNdhappunnika.
1. dhuwung dhapur sèpang, punnika lèrès tanpa pejettan ing ngajèng sèkar (12) kajangngipun sèpang.
2. dhuwung dhapur sumpana bènnèr, inggih punnika winnastan sèmpannèr punnika lèrès mawi pejettan mawi sèkar kajang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu saptagati, kala taun jawi anglèrèssi sangkala “265”
6). PanyjèNèngngannipun NaTa PraBu waTu GuNung, ing nagari Giling wèsi inggih punnika putrannipun PraBu PaleNdra dados PraBu waTu GuNung wau wayahhipun raden turunnan ingkang jumèNèng NaTa ing nagari Paurwa carita, anggèntossi marasèpuh raja kaNno, ugi ing nagari Paurwa carita, PraBu waTu GuNung inggih karsa ayasa dadamèl warNi warNi sahayasa dhuwung kakalih kados ing ngaNdhap punnika.
1. dhuwung dhapur sumpanaluka punnika luk sawèlas tèrkadhang wontèn ingkang luk pitu, mawi pejettan ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jalen mawi lambe gajah.
2. dhuwung dhapur bango dholog punnika luk tiga, mawi pejettan tanpa sèkar kacang tanpa grènneng.
|| ingkang damèl annama èmpu janggita, kala taun jawi anglèrèssi sangkala “418”
7). PanyjèNèngngannipun NaTa PraBu kala ing Paurwa carita inggih punnika buyuttipun sang hyang wişNu, PraBu kala wau inggih ayaşa dadamèl warNi warNi saha dhuwung kakalih kados ing ngaNdhap punnika.
1. dhuwung dhapur santan punnika luk sawèlas ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah mawi jenggot ing gonyja wingking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
2. dhuwung dhapur karacan punnika luk sangalas tèrkadhang kirang saking sangalas mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jalen mawi lambe gajah mawi jenggot ing gonyja wingking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
|| ingkang adamèl annama èmpu Sugati kala taun jawi anglèrèssi sangkala “522” (13)
8). PaNjèNèngngannipun NaTa PraBu BaSuPaTi ing wiratha wayahhipun sang hyang wişNu, punnika inggih yasa dadamèl warNi warNi mènggah ingkang kacariyos namung dhuwung kados ing ngaNdhap punnika.
1. dhuwung dhapur bakung punnika luk gangsal mawi pejettan mawi tikèl alis mawi grenneng tanpa sèkar kacang.
2. dhuwung dhapur yuyu rumpung punnika lèrès mawi pejettan ing ngajèng sèkar kacangipun sèpang mawi lambe gajah ing gonyja wiking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu dewa yasa, kala taun jawi anglèrèssi sangkala “522”
9). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu dhèstharaTa putrannipun PraBu krèsna diPayaNa ing nagari ngasTiNna ugi yasa dadamèl warNi warNi saha dhuwung titiNa kados ing ngaNdhap punnika.
1. dhuwung dhapur carubuk punnika luk pitu mawi pejettan panniwen mawi sogokkan kakalih panyjangipun saèluk ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah mawi roNdha nunut.
2. dhuwung dhapur kèbo lajèr punnika lèrès mawi pejettan ing gonyja wingking mawi grenneng.
3. dhuwung dhapur singa punnika lèrès mawi sogokkan kakalih ing sèkar kacang mawi singa anyjongok lènggah ing gonyja ngajèng nanging gilling ninga mawi tikèl alit ing ginyja wingking mawi grenneng .
|| ingkang damèl annama èmpu mayang kala taun jawi anglèrèssi sangkala “725”.
Sarèng anglèrèssi taun “748” wontèn pèrang agèng inggih punnika dipun wastanni prang bratayuda para ratu ing pulo jawi sadaya sami tumut pèrang saprajurittipun wonten ingkang biyantonni ing ngasTiNna wonten ingkang biyantonni ing ngamarTa tuwin para ratu ing sabrang kathah ingkang biyantonni ngasTiNna pèrang bratayuda punnika sakèlangkung agèng, titiyang ngalit ingkang pèjah tanpa wicallan utawi para ratu ingkang biyantonni ing ngasTiNna kathah ingkang seda, mila dadamèl wau kathah ingkang ical tinnimbang ingkang kantun.
|| ing wèkassan prang bratayuda punnika ingkang unggul PaNdhawa denne (14) para ratu ingkang biyantonni PaNdhawa sadaya wilujèng botèn wontèn ingkang katiwassan namung para santana kathah ingkang seda ing ngayuda wusawiNa nagari ngasTiNna wau tètèp dados kagungannipun sang NaTa PaNdhawa ngantos turun tumurun.
|| para ratu ingkang yaşa dadamèl ing saderengipun prang bratayuda sampun kasèbut ing ngigil punnapa malih namannipun èmpu ingkang dados abdi dalèm ing garap yaşannipun şang ratu kapratelakakèn ing sèrat punnika denne para èmpu sanesipun botèn kasèbuttakèn amargi kathah para èmpu ing sajawinnipun nagari tuwin kabupaten kados upaminnipun kala karaTon ing majaPait kabupaten tuBan punnapa denne kabupaten ing Sidayu tuwin kabupaten ing madura miwah dhusun ing sèNdhang punnika sami panggennan èmpu sarta sami damèl dhuwung punnika sami botèn kacariyossakèn ingkang wajib kapratelakakèn namung yasa Ndalèm ing karaTon sabab para èmpu sajawinnipun nagari wau anggennipun sami damèl dhuwung anulad dhapurring dhuwung ingkang yaşan sakaraTon.
|| sabibarripun prang bratayuda antawis satus langkung kalih taun laminnipun para ratu ing pulo jawi yaşa dadamèl malih anurun dadamèl ing jaman kinna annanging wandanning dhuwung sami wèwah kados ingkang badhe kasorahakèn ing sèrat punnika denne sakawittipun kajawi dhuwung dadamèl ingkang agèng agèng kemawon kados ta ingkang warNi gada, bindi, bajra, lori, salukun, musala, sapanunggilannipun sadaya wau botèn kangge ing pulo jawi.
Ing ngandhap punnika pratelannipun para NaTa ingkang yaşa amangun dadamèl kala sabibarripun prang bratayuda.
1). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu GèNdrayaNa ing nagari mamèNnang kapèrnah ing kadhiri punnika ingkang awit mangun dadamèl saha sabibarripun prang bratayuda ayaşa sarta angempèrri dadamèl warNi warNi ing jaman kinna ingkang sampun ical kala prang bratayuda punnapa malih Sang PraBu GèNdrayaNa ayaşa (15) dhuwung titiga, wandannipun amirip kados dhuwung “18” iji ingkang sampun kacariyossakèn ing nginggil wau.
1. dhuwung dhapur paNdhawa luk gangsal mawi pejettan mawi tikèl alit tanpa sèkar kacang tanpa grenneng.
2. dhuwung dhapur bima krodha, punnika luk sangalas mawi pejettan ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jenggot ing gonyja wiking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
3. dhuwung dhapur krèsna tinnaNdhing punnika lèrès mawi sogokkan kakalih mawi sèkar kacang ing ngajèng miwah ing wingking mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu rama yadi, arinning èmpu bratadi kala taun jawi anglèrèssi sangkala “827”
2). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu ciTra Soma ing nagari PaèngGing inggih angarsakakèn mangun sarta yasa dadamèl kados ingkang kasèbut ing nginggil wau punnapa malih ayasa dhuwung kapratelakakèn kados ing ngaNdhap punnika.
1. dhuwung dhapur megantara punnika luk pitu wiwiting luk kapara manginggil pucuk mawi panniwen ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jalen mawi lambe gajah ing gonyja wingking  mawi grenneng.
2. dhuwung dhapur lara siduwa punnika luk gangsal wiwiting luk ing tèngah wilah mawi pejettan.
|| ingkang damèl annama èmpu Gada wisesa kala taun jawi anglèrèssi sangkala “941”
3). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu Sri maha PaungGung ing purwa carita angarsakakèn yasa mangun dadamèl kinna denne dadamèl ingkang agèng agèng, sarta ingkang awrat tawrat botèn dipunwangun kadosta ingkang warNi gada, bajra, lori, boji, bindi, alu kun, musala, bèdhama, alu gori, tunggul, alu alu, gaNdhi, piling palu, rajang, kalawahi, srampang, barandang, parasu, tunggara, nanggala, cakra, naga pasa, naga sèngkali, sawarNinning dadamèl punnika sadaya dipunlèbur kadamèl waos kaliyan dhuwung jèmparing towok sabèt capa nunggillannipun ingkang eNdheng punnika inggih taksih (16) kawangun dipunyasanni awit kala samantèn titiyang ing pulo jawi mantun anggennipun angangge dadamèl ingkang agèng kados kang kasèbut ing nginggil wau inggih punnika kala jumèNèngipun PraBu Sri maha PaunGung ing Paurwa carita.
|| denne PraBu Sri maha PaunGung inggih karşa yaşa dhuwung jèmparing waos tuwin dadamèl sannessipun ingkang eNdheng mènggah dhuwung wau kapratelakakèn kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur carita punnika luk sawèlas mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wiking mawi grenneng.
2. || dhuwung dhapur cengkrong punnika lèrès sarta kuwangsul tanpa konyja tanpa pejettan..
3. || dhuwung dhapur urubbing dilah punnika luk satunggal ing pucuk mawi pejettan mawi tikèl alis ing gonyja wingking mawi grenneng .
4. || dhuwung dhapur panniwen punnika luk tigawèlas mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu Sarwadewa kala taun jawi anglèrèssi sangkala “1062”
4). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu amiluhur ing nagari jèngGala ugi yaşa dadamèl warNi warNi kados ingkang sampun kacariyossakèn ing nginggil saha yaşa dhuwung kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur panyji sèkar punnika lèrès mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wiking mawi grenneng.
2. || dhuwung dhapur carang soka punnika luk sawèlas mawi pejettan mawi tikèl alit ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
3. || dhuwung dhapur panyji sinnom punnika lèrès mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi mata widhèng mawi lambe gajah ing gonyja wiking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
|| ingkang damèl annama èmpu windadibya tuwin èmpu jongga ing pulo Bali  kala taun jawi anglèrèssi sangkala “1119” (17)
5). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu nurdala leyan ing nagari pajajaran punnika inggih anurun wandanning dhuwung ingkang sampun kasèbut ing nginggil wau saha yaşa dhuwung kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur bèthok punnika lèrès dèdèging dhuwung cèlak ing ngajèng tanpa sèkar kacang ing gonyja tanpa grenneng.
2. || dhuwung dhapur brojol punnika lèrès ganyjannipun kaliyan wilah wradin kemawon mawi pejettan.
|| ingkang damèl annama èmpu windu SarPa kala taun jawi anglarèssi sangkala “1170”
6). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu Banyjaran sari nalika taksih jumèNèng NaTa wontèn ing Pajajarran ugi angarşakakèn yaşa dadamèl warNi warNi tuwin dhuwung kakalih kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur tilam sari punnika lèrès mawi pejettan ing ngajèng tanpa sèkar kacang ing gonyja wiking mawi grenneng.
2. || dhuwung dhapur parung sari punnika luk tigawèlas mawi pejettan mawi sèkar kacang mawi lambe gajah mawi jenggot ing gonyja wiking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu andayaning kala ing taun jawi anglèrèssi sangkala “1186”
7). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu muNdhing Sirihing Pajajarran inggih amangun saha yaşa dadamèl sarta yaşa dhuwung namung satunggal dhapur sinnom wora wari punnika lèrès mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jènggot mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
|| ingkang damèl annama èmpu kajatsari kala taun jawi anglèrèssi sangkala “1228”
8). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu Pamèkas ing Pajajarran ugi karsa amangun sarta nurun dadamèl ingkang kacariyossakèn ing nginggil wau tuwin yaşa dhuwung kakalih kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur jalak ngore punnika lèrès tanpa sèkar kacang mawi pejettan ing gonyja wngking mawi grennengan. (18)
2. || dhuwung dhapur carita kaleNdhang punnika luk pitulas mawi pejettan mawi tikèl alit ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu anyjaNni kala taun jawi anglèrèssi sangkala “1248”
9). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu Siyung waNnara ing Pajajarran inggih karşa amangun yaşa dhuwung kados ingkang kapratelakakèn ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur jangkung punnika luk tiga mawi sogokkan kalih tanpa sèkar kacang tanpa grenneng.
2. || dhuwung dhapur paNdhawa cari punnika luk gangsal mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu marcukuNdha akaliyan èmpu kuwung kala taun jawi anglèrèssi sangkala “1248”
10). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu Brawijaya ingkang kapisan ing majaPait ugi angarşakakèn mangun dadamèl kados ingkang kacariyossakèn ing ngajèng sarta yaşa dhuwung kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur jalak sangu tumpèng punnika lèrès mawi sogokkan kakalih ing gonyja wingking mawi ri paNdhan satunggal.
2. || dhuwung dhapur jalak sumèlang gandring punnika lèrès mawi panniwen ing gonyja wingking tanapa grenneng.
3. || dhuwung dhapur mangkurat punnika luk tiga ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jenggot mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
4. || dhuwung dhapur mangku nagara punnika luk tigawèlas mawi sogokkan tiga sogokkan ing tèngah ajèng dumugi pucuk pisan ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi lambe gajah mawi jenggot ing gonyja wingking mawi grenneng.
|| ingkang damèl annama èmpu ongGarèksa ing dhusun tapan tannah pajajarran kala ing taun jawi anglèrèssi sangkala “1303” (19)
11). PanyjèNèngannipun NaTa PraBu Brawijaya ingkang wèkassan ing majaPait ugi karşa amangun dhapurring dhuwung nurun kados ingkang kasèbut ing nginggil wau saha yaşa dhuwung dhapur warNi warNi kados ing ngaNdhap punnika.
1. || dhuwung dhapur pannimbal, punnika luk sanga mawi sogokkan kakalih ing ngajèng tanpa sèkar kacang.
2. || dhuwung dhapur jarumman punnika luk tigawèlas mawi panniwen tanpa sèkar kacang tanpa grenneng.
3. || dhuwung dhapur sèpokal punnika luk pitulas mawi pejettan mawi tikèl alit tanpa sèkar kacang.
4. || dhuwung dhapur sabuk intèn punnika luk tigawelas mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sekar kacang mawi jalen mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng.
5. || dhuwung dhapur mundarang punnika lèrès ing ngajèng mawi sèkar kacang sèpang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi ri paNdhan.
6. || dhuwung dhapur buta ijo punnika luk tigawelas mawi pejettan sakèdhik mawi tikèl alit mawi sèkar kacang sèpang tanpa grenneng.
7. || dhuwung dhapur Annomman punnika luk gangsal mawi sogokkan kakalih mawi tikèl alit ing ngajèng mawi sekar kacang mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
|| ingkang damèl annama èmpu dhomas kathahipun wolungatus kala ing taun jawi anglèrèssi sangkala “1381”
12). PanyjèNèngannipun NaTa SulTan ing dèmak ingkang wiwitan jamannipun para wali kangjèng SuSuhuNnan BeNnang inggih yaşa dhuwung namung satunggal dhapur sangkèlat punnika luk tugawèlas mawi sogokkan kakalih ing ngajèng mawi sèkar kacang mawi jalen mawi lambe gajah ing gonyja wingking mawi grenneng mawi roNdha nunut.
|| ingkang damèl annama èmpu sura kala ing taun jawi anglèrèssi sangkala “1529”.
Ing ngaNdhap punnika cacah dhapurring dhuwung ingkang luk utawi ingkang lèrès punnapa malih ciri cirinnipun sami kapratelakakèn sadaya. (20)
Dhuwung luk tiga
1. dhapur jangkung luk tiga, mawi ri paNdhan, sèkar kacang.
2. dhapur gula milir luk tiga, mawi sogokkan dumugi pucuk.
3. dhapur jangkungpacar luk tiga, mawi sèkar kacang, sogokkan dumugi pucuk, mawi jenggot, mawi lambe gajah kalih.
4. dhapur mahesa nèmpuh luk tiga, mawi grenneng wingking.
5. dhapur majesa soka luk tiga, mawi grenneng wingking, mawi sogokkan dumugi pucuk, mawi sèkar kacang, mawi jenggot, lambe gajah satunggal.
6. dhapur tèbus uyun luk tiga, mawi sraweyan, mawi grenneng.
7. dhapur bango buthak luk tiga, gègèr paksa tugèl, mawi sèkar kacang, mawi lambe gajah kalih.
8. dhapur lar monga luk tiga, mawi gaNdhiknaga, gajah, manuk, pèthit naga, ri paNdhan sungsun.
9. dhapur campur bawur luk tiga, ing pucuk lèrès mawi sogokkan, jenggot.
10. dhapur jaran pannoleh (cundrik) gonyja wungkul gègèr papak, pucuk luk tiga.
11. dhapur sègara winnottan luk tiga, mawi sèkar kacang, jenggot, sogokkan kakalih, ing nginggil mawi lèr dumugi pucuk, mawi srapeyan, mawi grenneng.
Ingkang luk gangsal
12. dhapur pulang gènni luk gangsal, mawi sraweyan, grenneng.
13. dhapur pudhak satègal luk gangsal, mawi sèkar kacang, sogokkan, sraweyan.
14. dhapur srasah luk gangsal, mawi sosorran pinnèkak, sèkar kacang, ri paNdhan ing tèngah, mawi lèr, pinggir mawi lungsen dumugi pucuk.
15. dhapur pèNdhawa luk gangsal, mawi sèkar kacang, sogokkan, mawi lambe gajah satunggal, sraweyan, ri paNdhan.
16. dhapur Annomman luk gangsal, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, ri paNdhan, sogokkan dumugi pucuk.
17. dhapur kèbo dhèngèn luk gangsal, mawi sèkar kacang, mawi lambe gajah satunggal, gaNdhik dawa, gonyja kèlap lintah. (21)
18. dhapur pèNdhawa lare luk gangsal, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, ri paNdhan luk gèdhe.
19. dhapur lurap urap luk gangsal, mawi sogokkan rangkèp, pinggir lungsen lislissan.
20. dhapur nagasari luk gangsal, mawi gaNdhik asu ajag.
Ingkang luk pitu
21. dhapur balebang luk pitu, mawi sèkar kacang, sogokkan, sraweyan, lambe gajah satunggal.
22. dhapur sindur malila luk pitu, mawi sèkar kacang, lambe gajah - kalih.
23. dhapur crubuk luk pitu, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, sraweyan, grenneng.
24. dhapur jaran goyang luk pitu, mawi pejettan lajèng thingil.
25. dhapur naga kèras luk pitu, mawi sosorran, godhong lulungngan, sèkar kacang sungsun.
26. dhapur sèmpana panyjul luk pitu, mawi sèkar kacang, gaNdhik malang.
27. dhapur sèmpana bungkèm luk pitu, mawi sèkar kacang, buntut.
28. dhapur kidang mas luk pitu, mawi grenneng wingking.
29. dhapur kidang soka luk pitu, mawi sèkar kacang, lambe gajah kalih, sraweyan, ri paNdhan.
Ingkang luk sanga
30. dhapur carang soka luk sanga, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, sraweyan, ri paNdhan.
31. dhapur sumpana luk sanga arang, mawi sèkar kacang, ri paNdhan, tikèl alit.
32. dhapur jarumman luk sanga, mawi sogokkan, sraweyan.
33. dhapur jarudah luk sanga, mawi sèkar kacang, sogokkan, sraweyan.
34. dhapur pannimbal luk sanga, mawi sèkar kacang, sogokkan, sraweyan, grenneng.
35. dhapur sabuk tampar luk sanga, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, sogokkan satunggal, ngajèng ri paNdhan.
36. dhapur carita luk sanga, mawi sèkar kacang, lambe gajah kalih. (22) jenggot, sogokkan, ri paNdhan.
37. dhapur buta ijo luk sanga, mawi sogokkan, sraweyan, ri paNdhan.
38. dhapur panyji sèkar luk sanga, mawi sèkar kacang pugut, sraweyan, ri pandhan.
Ingkang luk tigawèlas
39. dhapur parung sari luk tigawèlas, prabot pèpak sadaya.
40. dhapur sèngkèlat luk tigawèlas, mawi sogokkan, lambe gajah satunggal, jenggot, ri paNdhan.
41. dhapur asmangan luk tigawèlas, mawi sogokkan, grenneng.
42. dhapur kantar luk tigawèlas, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, ri paNdhan, sraweyan.
43. dhapur lunggaNdhu luk tigawèlas, mawi sèkar kacang, lambe gajah kalih, sraweyan, grenneng.
44. dhapur sèpokal luk tigawèlas, mawi sraweyan.
45. dhapur karawèlang luk tigawèlas, mawi sèkar kacang pugut, pingga mawi tèngèrran wong, lambe gajah satunggal, ri paNdhan sungsun.
46. dhapur sèngkèlat bima kurda luk tigawèlas, mawi jenggot sungsun, sraweyan, sogokkan.
47. dhapur naga silumman luk tigawèlas, mawi gaNdhik naga, tanpa buntut.
48. dhapur naga sasra luk tigawèlas, mawi gaNdhik naga pethittipun dumugi pucuk, grenneng sungsun.
Ingkang luk gangsalwèlas
49. dhapur critabuntala luk gangsalwèlas, mawi sèkar kacang, jenggot, sogokkan, sraweyan, ri paNdhan.
50. dhapur mahesanabrang luk gangsalwèlas, mawi lis rangkèp dumugi pucuk.
51. dhapur rongga luk gangsalwèlas, wilah rangkèp, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, grenneng.
52. dhapur rongga pasu luk gangsalwèlas, mawi tikèl alit, grenneng.
53. dhapur carang bontala luk gangsalwèlas, mawi sèkar kacang, lambe (23) gajah satunggal, craweyan, ri paNdhan.
54. dhapur sedhèt luk gangsalwèlas, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, sogokkan, ri paNdhan.
Ingkang luk pitulas
55. dhapur lanycingan luk pitulas, mawi sèkar kacang, sosorran pinnèkak.
56. dhapur ngampèr buntut luk pitulas, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, grenneng.
Ingkang luk sangalas
57. dhapur trimurda luk sangalas, mawi tikèl alit.
Ingkang luk salikur
58. dhapur trisirah luk salikur, mawi sèkar kacang, tikèl alit, sogokkan, lambe gajah satunggal.
Luk salawe
59. dhapur bima kurda luk salawe, mawi sèkar kacang, sogokkan, jenggot, lambe gajah satunggal.
Luk pitulikur
60. dhapur wdang gawirun luk pitulikur, mawi sèkar kacang, lambe gajah kalih, sogokkan, ri paNdhan.
Luk sangalikur
61. dhapur kalabendu luk sangalikur, mawi sogokkan, ri paNdhan, lambe gajah kalih, sèkar kacang.
Ing ngaNdhap punnika katrangaN dhapurring dhuwung ingkang lèrès.
1. dhapur brojol, punnika tanpa prabot.
2. dhapur jalak nguwung, punnika mawi gussen, ada ada, pejettan, lajèng thingil.
3. dhapur jalak dinding, mawi gusen, pejettan, lajèng thingil.
4. dhapur jalak ngore, mawi sraweyan, grenneng.
5. dhapur jalak sangu tumpèng, mawi sogokkan, thingil.
6. dhapur jalak sumèlang gandring, mawi sraweyan, thingil, sogokkan satunggal ngajèng.
7. dhapur jalak tilam sari, mawi thingil.
8. dhapur bèthok, cèlak wiyar tipis, gaNdhik panyjang. (24)
9. dhapur sèmar bèthak, cèlak, gaNdhik tinnatah ngaNdhap bolong.
10. dhapur kèbo tèki, wiyar cèlak, mawi sèkar kacang, mawi lambe gajah tiga, mawi grenneng.
11. dhapur krèsna tinnaNdhing, mawi sèkar kacang kalih, sogokkan.
12. dhapur sèmar tinnaNdhu, mawi gaNdhik kalih, mawi sogokkan.
13. dhapur regol, mawi gaNdhik kalih, mawi pejettan tèrus lis.
14. dhapur panyji nom, mawi sraweyan, grenneng.
15. dhapur sinnom, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, sraweyan, ri paNdhan.
16. dhapur pasopati, mawi gusen, sèkar kacang, thingil, sogokkan, ri paNdhan, lambe gajah.
17. dhapur mandura, mawi sèkar kacang pogok, lambe gajah kalih, sraweyan, grenneng.
18. dhapur mesèm, mawi sèkar kacang, tikèl alit, ri pandhan.
19. dhapur tumènggung, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, sraweyan, grenneng.
20. dhapur kala misanni, mawi lambe gajah kalih, sogokkan, grenneng.
21. dhapur jamang murup, mawi sosorran pinnèkak, lis.
22. dhapur wora wari, sadaya dhuwung lèrès yen mawi gusèn punnika kenging dipunwastanni ugi dhapur wora wari.
23. dhapur tilammupih, mawi pejettan, tikèl alit.
24. dhapur jaka tuwa, awak tilammapih, sogokkan cèlak.
25. dhapur lalèr mingèr, mawi sèkar kacang gatra, gaNdhik dawa binnolong.
26. dhapur ronning tèki, mawi sèkar kacang, gaNdhik dawa, lambe gajah rangkèp, sogokkan satunggal ngajèng.
27. dhapur puthuk, mawi gaNdhik dawa, tinnatah paNdhita.
28. dhapur mangkurat, mawi sogokkan, gusen, ri paNdhan ngajèng wingking dumugi sorsorran.
29. dhapur kala munyèng, mawi sogokkan sisih, sraweyan, ri paNdhan. (25)
30. dhapur marak, mawi sogokkan satunggal ngajèng, grenneng.
31. dhapur jaka lola, ujung gunung.
32. dhapur sujen ampel, gilig, mawi sèkar kacang, lambe gajah satunggal, jenggot, ri paNdhan rangkèp.
33. dhapur dhungkul tilam upih, gonyja kèlap lintah, gaNdhik dawa, sogokkan ngajèng.
34. dhapur yuyu rumpung, wilah pèdhang suduk, gonyja kèlap lintah.
35. dhapur mayat miring, wilah bèngkuk gusen, sogokkan satunggal wingking, gègèr punuk.
36. dhapur punnarak, mawi sogokkan, gaNdhik dawa.
37. dhapur coNdhong sampur, mawi sèkar kacang,lambe gajah kalih, grenneng, gusen, sogokan ngajèng wingking dumugi pucuk.
38. dhapur tilam sari, mawi gusen, kruwingan.
39. dhapur kèbo ajèr, gaNdhik dawa.
|| Ing ngaNdhap punnika bab pamorring dhuwung.
SawarNinning pamoring dhuwung ingkang boten narajang laNdhèp punnika winnastan prayogi sakathahing dhuwung botèn tamtu pamorripun awit saestunnipun manut sakarsanipun ingkang yaşa bab sae utawi awonning angsarripun dhuwung punnika pinnanggih wontèn ingkang andarbenni wondenne ingkang dados watonnipun dhapurring dhuwung inggih punnika ingkang sampun kasorahhakèn ing nginggil, mènggah gambarring dhuwung ing ngaNdhap punnika amung kapratelakakèn kawujuddan tuwin naminning pamor.
Kadosta
1. dhuwung dhapur pasopati, pamor, woswutah.
2. dhuwung dhapur jalak dinding, pamor, blarak ngirit.
3. dhuwung dhapur carita, pamor, wingkos.
4. dhuwung dhapur tilammupih, pamor, beNdha sègada.
5. dhuwung dhapur kala misanni, pamor, tambal.
6. dhuwung dhapur paNdhawa, pamor, adèg tiga.
7. dhuwung dhapur sumpannèr, pamor, roNdhuru. (26)
8. dhuwung dhapur lara siduwa, pamor, kènnanga ginubah.
9. dhuwung dhapur carang soka, pamor, sèkar pala.
10. dhuwung dhapur kèbo lajèr, pamor, lawe satukèl.
11. dhuwung dhapur panyji sèkar, pamor, katiga warNa.
12. dhuwung dhapur panyji sinnom, pamor, ombak mas.
13. dhuwung dhapur bèthok, pamor, sèkar lampès.
14. dhuwung dhapur balebang, pamor, tadèg sapu.
15. dhuwung dhapur brojol, pamor, sèkar blimbing.
16. dhuwung dhapur parung sari, pamor, walang sinundukkan.
17. dhuwung dhapur bima krodha, pamor, sukur ringin.
18. dhuwung dhapur urubbing dilah, pamor, ujung gunnung.
19. dhuwung dhapur cengkrong, pamor, paNdhan binnèthok.
20. dhuwung dhapur tilam sari, pamor, batu lapak.
21. dhuwung dhapur kracan, pamor, pudhak satègal.
22. dhuwung dhapur bangodholog, pamor, kèNdhagan.
23. dhuwung dhapur megantara, pamor, udan mas.
24. dhuwung dhapur krèsna tinnaNdhing, pamor, ombakking toya.
Ing ngaNdhap punnika sajarahipun para èmpu ing pulo jawi.
1. || ingkang rumiyin èmpu ramadi, puputra.
2. || èmpu sukardi, puputra.
3. || èmpu brama kèdhali, puputra.
4. || èmpu jangkang, puputra.
5. || èmpu janggitan, puputra.
6. || èmpu dewa rasa, puputra.
7. || èmpu purwanggènni, puputra.
8. || èmpu andong purwa, puputra.
9. || èmpu mayang, puputra.
10. || èmpu muNdhing brata, puputra.
11. || èmpu brata, puputra kalih, satunggal nami kumbayaNa kalih, wisesa, puputra.
12. || èmpu kaNdhang, puputra. (27)
13. || èmpu sarwa dewa, puputra.
14. || èmpu wiNdu nata, puputra.
15. || èmpu wiNdu debya, puputra.
16. || èmpu sarwa, puputra.
17. || èmpu aNdaya sèngkala, puputra.
18. || èmpu kajat sari, puputra.
19. || èmpu kajat jati, puputra kalih.
20. || satunggal nami èmpu kèkèp, kalih èmpu mas keNdhi nenem, ingkang paNdhe wontèn samodra, panyjakkipun kakalih, satunggal nami ki kèbo bang, kalih ki kèbo ting ting. Denne èmpu kèkèp wau puputra.
21. || èmpu sura wisesa, puputra.
22. || èmpu brama kaNdhi, puputra.
23. || èmpu anyjaNni, puputra.
24. || èmpu marcukuNdha, puputra kalih, ingkang sèpuh sami saka wiNdu, ingkang nem nami èmpu monyca sokawiNdu wontèn nagari miNnangkabu ing tannah sabrang, denne putrannipun èmpu monyca wau (4).
25. || kang pambajèng ki kuwung, pannènggak ki ongga wontèn ing tapan prènnahipun sumiNdhi, ki kèlèng wuragil ki sombro, denne ki kuwung wau puputra gangsal.
26. || ingkang pambajèng estri nami ni sambega, pannènggak ki jaka jati, rayinnipun nami ki pèkik, rayinnipun malih nami ki suratman, wuragillipun nami ki salaheta, denne ki ongga wau puputra ki jigja, ki kèlèng wontèn ing madura nami ki kasa.
27. || denne ki purra wisesa wau puputra kalih, ingkang sèpuh nami ki melayatti, arinnipun nami ki cakra bawa, puputra.
28. || èmpu jaga, puputra.
29. || èmpu kumèNdhung, puputra.
30. || èmpu cangkring, puputra.
31. || èmpu tilam, puputra.
32. || èmpu lunglungan, ingkang wontèn ing balambangan, puputra tiga, ingkang pambajèng nami ki sèti kunning, pannènggak ki supa arinnipun (28) ki supagati.
|| denne ki sèting kunning puputra tiga, ingkang pambajèng nami ki pitrang pannènggak ki gèdhoga, arinnipun estri krama angsal ki supa, denne ki supa puputra ki sura.
|| ki supa gati wau puputra ki lombang.
Punnika mannawi ngunninganni raja muka, saupami wontèn tiyang tutukarran ingkang mennang utawi ingkang kawon, mènggah pratikèlipun kaetang saking tanggal, awit tanggal 1 dumugi tanggal 30 ing ngaNdhap punnika pratelannipun.
|| tanggal 1, 9, 15, 25. Pati jèrro kang duwe omah kalah sarta tugèl baunne karo.
|| tanggal 2, 10, 18, 26. Pati jaba kang tèka tatu epek epeke kiwa.
|| tanggal 3, 11, 19, 27. Pati jaba kang tèka tatu baunne kiwa lan dèlamakkan karo.
|| tanggal 4, 12, 20, 28. Pati jaba jèro kang duwe omah tatu Ndhasse, bau dèlamakkan karo kang jaba tatu Ndhasse lan baunne kiwa epek epek tèngèn dalamakkan sikil tèngèn.
|| tanggal 5, 13, 21, 29. Kang jèro tatu Ndhasse kang jaba dalamakkan tèngèn.
|| tanggal 6, 14, 22, 30. Pati jèro kang duwe tatu tanganne karo omah.
|| tanggal 7, 15, 23, 30. Pati jaba kang tèka tatu Ndhasse bau sikil kiwa.
|| tanggal 8, 16, 24. Padha patinne kang jèro tatu Ndhasse bau karo sikil tèngèn, kang jaba tatu Ndhasse epek epeke tangan karo.
Punnika lampahhipun rajamuka saupammi tiyang tutukarran ingkang kawon utawi ingkang mènnang mènggah pratikèllipun (29) kapetang saking tanggal , awit tanggal 1 dumugi tanggal 30 ngaNdhap punnika pratelannipun.
|| tanggal 1, 11, 21, jawi rosa, jèro mung isi kèmbang.
|| tanggal 2, 12, 22, pati jaba, jèro rosa.
|| tanggal 3, 13, 23, pati jaba, jèro rosa.
|| tanggal 4, 14, 24, pati jèro mung isi kèmbang, jaba rosa.
|| tanggal 5, 15, 25, pati jaba, jèro rosa.
|| tanggal 6, 16, 26, pati jèro mung isi kèmbang, jaba rosa.
|| tanggal 7, 17, 27, pati jaba, jèro rosa.
|| tanggal 8, 18, 28, pati jèro, jaba rosa.
|| tanggal 9, 19, 29, pati jaba mung ana pasangan, jèro roşa.
|| tanggal 10, 20, 30, pati jaba, jèro rosa.
Ing ngaNdhap punnika massalah rijal
|| yen tanggal 1, 11, 21, rijal lolahhan nglangit, najèmudawar ana bumi.
|| yen tanggal 2, 12, 22, rijal ana bumi, najèmudawar ana nglangit.
|| yen tanggal 3, 13, 23, rijal ana wetan bènnèr, najèmudawar ana kulon.
|| yen tanggal 4, 14, 24, rijal ana kidul wetan, najèmudawar ana lor kulon.
|| yen tanggal 5, 15, 25, rijal ana kidul bènnèr, najèmudawar ana lor bènnèr.
|| yen tanggal 6, 16, 26, rijal ana kidul kulon, najèmudawar ana lor wetan.
|| yen tanggal 7, 17, 27, rijal ana kulon bènnèr, najèmudawar ana wetan bènnèr.
|| yen tanggal 8, 18, 28, rijal ana lor kulon, najèmudawar ana kidul wetan.
|| yen tanggal 9, 19, 29, rijal ana lor bènnèr, najèmudawar ana kidul bènnèr.
|| yen tanggal 10, 20, 30, rijal ana lor wetan, najèmudawar ana kidul kulon.
|| ana denne kang aran najèmudawar iku mungsuhhe rijal lolah, ya iku kang ambabayanni, yen sira padha arèp lalungan atawa arèp pèrang mongka angkattira aweh asalam maring rijal lolah. Assalamungalekum ya rijal lolah, ya nujaba, ya nukaba, ya ahodat, ya los, ya kutub, anginuni bikuwatin wayalitunni bilahotatin. yen sira wus aweh salam maring rijal lolah mongka sira ngènggonnana maring gonne rijal sira angarèpna marang gonne najèmudawar mau iku salamèt lakunnira. (30)
Punnika sadayannipun tiyang mannawi badhe manggih slamèt sahannak rayattipun lan saraja darbekkipun sadaya, mangka sami anglampahhana siddhèkah sabèn ulan kados ing ngaNdhap punnika . wiwit.
|| sasi sura, siddhèkahha bubur sura, uwossipun kang pèthak mawi ulam mahesa ayam, dadar dhog, santèn, sarta srundeng tuwin lawuh sanessipun ujubbipun asung dhahar Sayit kaSan kuSen, botor jagung, gudhe, kalusu, kèmangi, kacang ijo, tuwin mrica pèthak, dalima pèthak, sampun kantun wèdalle siddhèkah dintèn jumungah, donganne sura.
|| sasi sapar, siddhèkahha bubur ingkang lègi lègi, wèdalle dintèn rèbo, ujubbe asung dhahar BaGeNdha ABuBakar, donganne sakajèngipun lèbe.
|| sasi mulut, siddhèkahha sèga kabuli, ugi wilèstan sèga wuduk, ulam ayam kaolah, lèmbarran krupuk, kadhèlle, lalabban timun utawi kacang, uyah tampèr lombok mawi sèkar kaNthil, ujubbipun ngaturri dhahar kangjèng NaBi mukamat, ingkang mustapa NiyakaNniprat, wedalle dintèn sènnen utawi tanggal kaping 12 mulut, dongane raSul.
|| sasi rabingulakir, siddhèkah sèga liwèt bèrassipun kang putih ulamme panden kalapa kadamèl wurwur, wèdalle dintèn slaşa, ujubbe angaturri dhahar kangjèng NaBi ngiSa rohullah.
|| sasi jumadilawal, siddhèkahha sèga wuduk kalih mèna, ulammipun ingkang kalal ingkang rèsik, wèdalle dintèn akat, ujubbe asung dhahar kangjèng NaBi yakup.
|| sasi jumadilakir, siddhèkahha sèga golong, ulamme mahe saka piNdhang, utawi piNdhang pitik, wèdalle dintèn sètu utawi tanggal kaping 9, ujubbe asung dhahar kangjèng NaBi yuSup.
|| sasi rèjèp, siddhèkaha kèlèmman, wèdalle dintèn kèmis, ujubbe angaturri dhahar kangjèng NaBi Sayiddinna BageNdha ngali. (31)
|| sasi ruwah, siddhèkahha sèkul ulam warNi warNi kang kalal, wèdalle sakajènge kang siddhèkah salèbèttipun ruwah, sok ugi tanggallipun ganyjil awittipun tanggal 15 kengingipun awit siddhèkah.
|| sasi pasa, awit tanggal 1 dumugi tanggal 30 sabèn dalu damèlla siddhèkah dhatèng pèkir miskin saha badanne sampun pègat mumuji ing Gusthi rabulngalamin.
|| sasi sawal, siddhèkahha sèga juwadah kupat sèga punnar ulamme gorengan ingkang rèsik wèdalle tanggal kaping 8 ujubbe asung dhahar kangjèng NaBi muSa.
|| sasi dulkangidah, siddhèkahha sèga aden nadenan ulamme warNi warNi kang kalal sarta patut, sèga winnadhahhan ing takèr binnage pèkir miskin, lan lare lare kang dereng akil, wèdalle dintèn sèptu, ujubbipun amumule kangjèng NaBi IBrahim.
|| sasi bèsar, siddhèkahha sèga punnar ulamme mahesa kang patut ujubbe asung dhahar kangjèng NaBi Işmangil.
|| sadaya ingkang kasèbut ing nginggil sintèn ingkang sumèdya nglampahhi mannahipun ingkang eklas InşaAlla kasèmbadan kajatte denning Allah.
Punnika manawi badhe sugih dunya, saha badhe manggih karahharjan kabingahhan kasènnèngan mongka adamèlla siddhèkah sèkul kabuli, wèdalle sabèn dintèn jumungah, ujubbipun amumule kangjèng Seh ngabdulkadirjaelaNni ratunning para wali ingkang anyupangatti sadaya kajattipun manungsa, nanging kang eklas mannahhipun.
Punnika lamattipun tiyang kèduttèn ingkang awon utawi ingkang sae ing ngaNdhap punnika pratelannipun.
|| yen kèduttèn sarandunning badan sadaya, ngalamat badhe angsal arta tur badhe kinnasihhan ing tiyang kathah.
|| yen kèduttèn sirah kang tèngèn ngalamat angsal nagari sarta parèk lan tiyang agèng, yen kang kiwa ngalamat badhe angsal arta.
|| yen kèduttèn èmbunnan ngalamat angsal pangkat agèng utawi alit tur dimumule tiyang kathah. (32)
|| yen kèduttèn bathuk ingkang tèngèn ngalamat badhe angsal arta kathah yen ingkang kiwa ngalamat badhe manggih suka utawi bingah ing mannah.
|| yen kèduttèn alis ingkang tèngèn ngalamat badhe angsal arta kathah yen ingkang kiwa ngalamat badhe ningalli dhatèng kakasih ge.
|| yen kèduttèn talapukkan mata tèngèn ngalamat badhe angsal arta yen ingkang kiwa ngalamat badhe apanggihhan kaliyan tiyang tèbih.
|| yen kèduttèn tayah luh mata tèngèn ngalamat badhe manggih kang wangi wangi sarta kang endah endah yen ingkang kiwa ngalamat badhe manggih prihhatin.
|| yen kèduttèn mata kang tèngèn nginggil ngalamat luwar saking sakit yen kang kiwa ngalamat kakirakira maring tiyang desa sannes.
|| yen kèduttèn mata tèngèn kang ngisor ngalamat akirakira maring kakasihhe yen kang kiwa ngalamat lara.
|| yen kèduttèn calanning mata kang tèngèn ngalamat badhe nangis yen ingkang kiwa ngalamat badhe mati.
|| yen kèduttèn irung kang tèngèn ngalamat badhe wontèn tiyang bèkta rèjèki ingkang kalal yen kang kiwa ngalamat badhe papanggiyan kaliyan kakasihhe tur suka mannahhe.
|| yen kèduttèn papahhirung kang tèngèn ngalamat badhe angsal kasahennan saha bingahhe, yen kang kiwa ngalamat badhe sakit annaning enggal saras.
|| yen kèduttèn lengnge irung kakalih ngalamat badhe angsal arta.
|| yen kèduttèn kupinge ngalamat badhe manggih suka mannahhe awit badhe manggih warta sae, yen kang kiwa ngalamat sanake kang tèbih badhe dhatèng.
|| yen kèduttèn godhoh kuping tèngèn ngalamat badhe angsal arta tur badhe suka mannahhe, yen kang kiwa ngalamat badhe dimumule denning tiyang.
|| yen kèduttèn pilingan tèngèn ngalamat badhe kapanggih kakasihe yen kang kiwa ngalamat badhe duka utawi badhe kalongan artanne .
|| yen kèduttèn pipi tèngèn ngalamat badhe manggih pandamèlle tiyang, yen kang kiwa ngalamat badhe sakit saking ponycabaya. (33)
|| yen kèduttèn lambe tèngèn dhuwur ngalamat badhe manggih suka yen kang kiwa ngalamat badhe angucapakèn ujar kang ala.
|| yen kèduttèn lambe ngisor kang tèngèn ngalamat badhe adus yen kang kiwa ngalamat samubarang badhe manggih sae.
|| yen kèduttèn janggut kang tèngèn ngalamat badhe dimumule datèng tiyang agèng utawi badhe angsal arta lan manggih mulya yen kang kiwa ngalamat badhe angsal damèl saking raTu utawi saking tiyang agèng.
|| yen kèduttèn puNdhak tèngèn ngalamat badhe manggih suka suka mannahhe yen kang kiwa ngalamat badhe dimumule dhatèng ing bojonnipun utawi dimumule dhatèng tiyang estri sannes.
|| yen kèduttèn lèngèn tèngèn ngalamat badhe manggih rèjèki yen kang kiwa ngalamat badhe angsal arta.
|| yen kèduttèn sikut tèngèn utawi kiwa ngalamat duraka maring Allah.
|| yen kèduttèn tangan tèngèn ngalamat satrunne badhe kathah ngalanni tègèssipun badhe muring muring utawi nèlongsa saking pandamèlle yen kang kiwa ngalamat badhe manggih pandamèl sae.
|| yen kèduttèn epek epek tèngèn ngalamat badhe angsal arta yen kang kiwa ngalamat badhe kadamèl pangagènge tiyang.
|| yen kèduttèn sèla sèlanning dariji kang tèngèn ngalamat badhe manggih kabingahan yen kang kiwa ngalamat badhe dipunkasihhi tiyang agèng.
|| yen kèduttèn gigir kang tèngèn ngalamat kadhatèngan tiyang agèng yen kang kiwa ngalamat badhe adamèl pandamèl awon lamun tèngah gigir ula ula ngalamat badhe sakit susah budinne.
|| yen kèduttèn lambung kang tèngah ngalamat badhe susah manahhe yen kang kiwa ngalamat badhe prihatin.
|| yen kèduttèn lèmpeng kang tèngèn ngalamat badhe ngangge sinyjang anyar yen kang kiwa ngalamat badhe manggih suka mannahhe.
|| yen kèduttèn kèmpunge ngalamat badhe manggih rusak saking griya.
|| mannawi tiyang estri kèduttèn pinggang tèngèn ngalamat badhe angsal kasaenan yen kang kiwa ngalamat kinnasihan ingkang jalèr utawi tiyang sannessipun. (34)
|| yen kèduttèn plannanganne ngalamat duwe karèp sajronning ati ora kawètu.
|| yen kèduttèn bokonge kang tèngèn ngalamat sannakke badhe dhatèng yen kang kiwa ngalamat badhe angsal arta.
|| yen kèduttèn garèsse kang tèngèn ngalamat badhe lalungan yen kang kiwa ngalamat kaundang marang wong.
|| mannawi tiyang estri kèduttèn bokongipun kiwa tèngèn ngalamat badhe laki.
|| yen kèduttèn pupu tèngèn ngalamat badhe lumampah tèbih yen kang kiwa ngalamat ana wong atur ratur tomba.
|| yen kèduttèn dèlamakkan suku tèngèn ngalamat badhe sakit utawi badhe pèjah yen kang kiwa ngalamat badhe lumampah tèbih.
||yen kèduttèn jariji tèngèn salah siji ngalamat antuk panggaweyan yen kang kiwa ngalamat angsal jodho sae.
|| yen kèduttèn jempole tèngèn ngalamat dadi pangulu kang kiwa iya bècik.
|| yen kèduttèn panuduhe tèngèn daulatte agung kang kiwa ngalamat oleh rèjèki.
|| yen kèduttèn pannèngah tèngèn ngalamat antuk suka kang kiwa iya bècik.
|| yen kèduttèn pangapit tèngèn ngalamat ana wong asih ing sira utawa oleh rèjèki kang kiwa ngalamat kasusahhan.
|| yen kèduttèn jèNthik tèngèn ngalamat suka kang kiwa arèp dipukul nguwong.
|| yen kèduttèn sèlanning dariji tèngèn ngalamat angsal kabècikan kang kiwa ngalamat katèmu mring wong ngagung kasèkèllan galih.
|| yen kèduttèn walikatte tèngèn ngalamat suka mannahe kang kiwa ngalamat dimumule denning wong.
|| yen kèduttèn dhadhanne tèngèn ngalamat arèp milu ing kakasihhe kang kiwa ngalamat salamèt.
|| yen kèduttèn cangklakanne tèngèn ngalamat satrunne tèka kang kiwa ngalamat den satru.
|| yen kèduttèn wètènge tèngèn ngalamat angsal rèjèki. (35) kang kiwa angsal kasaennan.
|| yen kèduttèn wudèlle tèngèn ngalamat badhe angsal arta kang kiwa ngalamat badhe prihhatin.
|| yen kèduttèn kèmpunge tèngèn ngalamat arèp laki rabi kang kiwa ngalamat ana wong tutur tur ujar ala utawa bèbaya tèka mung kang eling.
|| yen kèduttèn pipi kang ngekang tèngèn ngalamat angsal kasaenan kang kiwa prihattin.
|| yen kèduttèn kimpolle tèngèn ngalamat badhe suwala kang kiwa ngalamat angsal arta.
|| yen kèduttèn wacanglunne tèngèn ngalamat badhe katèmu lan wangsanne kang kiwa arèp angrungu ujar bècik warta bècik.
|| yen kèduttèn tungkakke tèngen ngalamat arèp antuk kamulyan kang kiwa ngalamat antuk arta.
|| yen kèduttèn jèmpolle suku tèngèn ngalamat angsal rèjèki kang kiwa pinuji denne nguwong.
|| yen kèduttèn panuduhe suku tèngèn ngalamat antuk lara kang kiwa ngalamat antuk sarma saking dagang.
|| yen kèduttèn pannèngah suku tèngèn ngalamat bècik kang kiwa ngalamat arèp ing ngundang wong wadon.
|| yen kèduttèn pangacit suku tèngèn ngalamat arèp lalaku adoh kang kiwa kangèn sannakke kang saka wadon adoh gonne yen wong wadon susah atinne.
|| yen kèduttèn èNdhik suku tèngèn ngalamat suka mannahhe kang kiwa ngalamat diujarrujarri denning wong.
|| yen kèduttèn dakarre tèngèn ngalamat badhe duwe karèp annèngèn kang kiwa ngalamat arèp agruthal.
|| yen kèduttèn gulu tèngèn ngalamat luwar saking baya utawi antuk kabècikan kang kiwa ngalamat suka utawa lumaku adoh.
|| yen kèduttèn githokke ngalamat pètèng manahe.
|| yen kèduttèn bahu tèngèn ngalamat arèp suwala kang kiwa ngalamat dimumule tenning wong.
|| yen kèduttèn juburre ngalamat badhe sakit tamat.
(36)marang omahhe wong kang diimpekake kaparannan gajah mau.
|| lamun ngimpi gajah lumèbu marang omahhe ngalamat antuk palinggihan.
|| lamun ngimpi dicakot macan lan liyane sato kang galak ngalamat kinnasihhan denning wong.
|| lamun ngimpi antuk uraggan ula kang mandi ngalamat kang wadon bangèt srèngènne.
|| lamun ngimpi ningalli luwangan ula kang akeh kang ora mati ngalamat wong iku dawa umurre.
|| lamun ngimpi kobong omahhe ngalamat karusakkan.
|| lamun ngimpi simpèn gènni ngalamat sawahe dadi.
|| lamun ngimpi ningalli gunung ngalamat antuk kabar.
|| lamun ngimpi ana luhur gunung ngalamat antuk nugraha saking Allah.
|| lamun ngimpi metu saking ngalas ngalamat kelangan.
|| lamun ngimpi munggah maSjit ngalamat antuk nugraha saking Allah.
|| lamun ngimpi gawe omah ngalamat dadi samubarang gawenne utawi antuk tiyang estri kalal.
|| lamun ngimpi dirusak denning wong ngalamat kangellan.
|| lamun ngimpi malèbu naraka ngalamat akih durakanne.
|| lamun ngimpi gumètèr utawa gèrah ngalamat katèkan ponycaraya utawa ilang dinyanne.
|| lamun ngimpi nungali mega abang utawa irèng ngalamat katèkan billahi.
|| lamun ngimpi ningali angin prahara kayu padha rubuh ngalamat pahillan utawa dirusak desanne marang musuh.
|| lamun ngimpi ana lautan ngalamat antuk arta kalal.
|| lamun ngimpi keli marang sagara ngalamat barang gawenne dadi annanging antuk rèrasanning nguwong.
|| lamun ngimpi karaşa pannas ngalamat antuk arta saking muşthi.
|| lamun ngimpi ningalli kèmbang kèmbang ngalamat antuk panggawe kang sampurNa.
|| lamun ngimpi mangan daging wèdhus ngalamat antuk dunya.
(37)|| lamun ngimpi mangan daging sapi kèbo ilat ayèm ngalamat antuk kasaenan.
|| lamun ngimpi kaboyong musuh ngalamat dibalekake desanne.
|| lamun ngimpi katèmu NaBi Iskak ngalamat antuk kasèkten yen gonne ngimpi wayah sore ngalamat kajunyjung drajatde tur antuk kagungan.
|| lamun ngimpi ningali suwarga ngalamat katèkan barang karèppe.
|| lamun ngimpi mètu saking suwarga ngalamat arèp ilang dunyanne.
|| lamun ngimpi ningali naraka enggal tobatta maring Allah sarta asalat tèsbih.
|| lamun ngimpi ningali dina kiyamat arèp antuk darajad dadi mubarang gawenne.
|| lamun ngimpi ningalli lintang ngalamat antuk bèbègja saking Allah.
|| lamun ngimpi munggah maring langit ngalamat antuk kaluhurran.
|| lamun ngimpi ningali grahhana srèngenge utawa rèmbulan ngalamat ningali ratu rusak nagaranne.
|| lamun ngimpi katurunnan rèmbulan umahe ngalamat antuk nugraha.
|| lamun ngimpi ningali banyu tèka anyar ngalamat arèp munggah kaji.
|| lamun ngimpi silèm banyu buthèg ngalamat arèp mèrtapa.
|| lamun ngimpi ningali banyu bangawan cilik nanging wènning ngalamat arèp duwe mas.
|| lamun ngimpi ngumbe banyu bangawan gèdhe ngalamat arèp kadukan ing ratu utawa PaNdhiTa nanging mubarang gawenne dadi.
|| lamun ngimpi silèm banyu wèNing ngalamat arèp sugih.
|| lamun ngimpi ngumbe banyu wèNning ngalamat tèguh agamanne.
|| lamun ngimpi ngumbe banyu kèNdhèl ngalamat arèp duwe mas salaka.
|| lamun ngimpi malumpat bangawan ngalamat ciNdhak umurre.
|| lamun ngimpi nunggang prahu ngalamat duka cipta atinne.
|| lamun ngimpi malèbu talaga mongka enggal tobatta maring Allah.
|| lamun ngimpi ningalli padhang damar kukus utawa samubarang cahya ngalamat ing samubarang karèpe magapang.
|| lamun ngimpi ningalli gènni saking kadohhan ngalamat dawa umurre.
|| lamun ngimpi ningalli pètèng ngalamat durung bènnèr panggawenne.
(38)|| lamun ngimpi ningali gèdhe awakke ngalamat luput bilahi ponyca baya.
|| lamun ngimpi ningalli gènni sarta gunung saking kadohhan ngalamat dikasihhi wong gèdhe sarta antuk kaluhurran.
|| lamun ngimpi kaya katon gèdhe awakke ngalamat antuk dadalan gampang kang dadi karèppe.
|| lamun ngimpi salat madhèp keblat saingga tutug salatte ngalamat barang karèppe tinnèkan denning Allah.
|| lamun ngimpi diselehhi tangan tenning wong sirahhe ing luhur mongka barang karèppe tinnèkan denning Allah.
|| lamun ngimpi ditilikki marang wong ing gonne ngalamat disanak pangulu.
|| lamun ngimpi diselehi tangan marang wong liya ngalamat lara payah.
|| lamun ngimpi diselehhi tangan ngalamat kulawarganne padha tèka.
|| lamun ngimpi diselehhi pèrji ngalamat antuk kagungan.
|| lamun ngimpi katèmu wong wadon ngalamat antuk annak bojo enggal.
|| lamun ngimpi katon putih rainne ngalamat antuk tiyang estri.
|| lamun ngimpi katingal kabènnat ngalamat slamèt.
|| lamun ngimpi disèmbur ula ngalamat antuk tiyang estri.
|| lamun ngimpi dicakot ula ngalamat dianycam anycam marang satrunne.
|| lamun ngimpi ningalli malaekat NaBi Adam widadari ngalamat dadi pagèdhenning wong.
Titi walahuAllam.
Punnika massalah ungèllipun pèksi prènyjak.
|| yen prènyjak mungèl menycok payon ngalamat kobongan.
|| mannawi prènyjak kalih mungèl ngubèngi griya ngalamat satrunne dhatèng ngajak pabèn nginggil punnika kalintu lèrèssipun ngaNdhap punnika.
|| mannawi prènyjak kalih mungèl ngubèngi griya ngalamat antuk nugraha.
|| mannawi prènyjak satunggal mungèl wetan griya ngalamat satunne dhatèng ngajak pabèn.
|| mannawi prènyjak kalih mungèl kidul griya ngalamat kadhayohan priyayi.
|| mannawi prènyjak satunggal mungèl kilen griya ngalamat kadhatènga(39)n tiyang ngajak tukarran.
|| mannawi prènyjak kalih mungèl salerring griya ngalamat kadhayohan guru.
Ing ngaNdhap punnika massalah ungèllipun pèksi gagak.
|| yen gagak munni saking wetan arèp katamuwan PaNdhiTa.
|| yen gagak munni saking kidul wetan ngalamat tèbdasa panggawehhanne.
|| yen gagak munni saking kidul ngalamat rèjèkinne tèka.
|| yen munni saking kidul kulon ngalamat arèp atukar padu.
|| yen gagak munni saking kulon ngalamat arèp awayuh.
|| yen munni saking ler kilen ngalamat arèp gèringan.
|| yen munni saking lor ngalamat arèp kawirangan.
|| yen munni saking ler wetan ngalamat arèp prihatin annak putunne.
Ing ngaNdhap punnika tèbirrannipun mannawi wontèn liNdhu.
|| lamun ana liNdhu ing wulan mukaram ing rahinna ngalam ing wong cilik padha susah bèras pari larang lamun wèngi ngalamat bèras pari murah nanging akeh wong ngalih saking bale omahhe lan akeh wong sakit.
|| lamun ana liNdhu ing wulan sapar ing rahinna ngalamat larang udan wowohhan akeh runtuh kebo sapi murah banyu larang lamun wèngi ngalamat akeh wong jakat bèras pari larang wong agung prihhatin.
|| lamun ana liNdhu ing wulan rabingulawal ing rahinna ngalamat akeh wong nganiaya lan panyakit lamun wèngi ngalamat akeh udan angin ombak sangèt tulus sarwa tinnandur pari murah wowohhan dadi.
|| lamun ana liNdhu ing wulan rabingulakir ing rahinna ngalamat akeh wong mati bèras pari murah udan akeh, lamun wèngi udan akeh tulus sarwa tinnandur.
|| lamun ana liNdhu ing wulan jumadilawal ing rahinna ngalamat akeh udan angin sangèt wong desa padha suka atinne wong ngagèng bècik lan wong desa lamun wèngi udan cèpak (40)wowohhan akeh runtuh.
|| lamun ana liNdhu ing wulan jumadilakir ing rahinna ngalamat larang banyu wowohan akeh runtuh lamun wèngi akih wong sakit akih wong mati kèbo sapi larang.
|| lamun ana liNdhu ing wulan rèjèp ing rahinna ngalamat ing wong agung duka marang wong desa bèras pari larang gawe akeh lamun wèngi ana wong prang rame wong desa rusak akeh wong malarat.
|| lamun ana liNdhu ing wulan sakban ing rahinna ngalamat akeh wong mati bèras pari larang lamun wèngi ngalamat akeh wowohhan runtuh bèras pari murah.
|| lamun ana liNdhu ing wulan rammèlan ing rahinna ngalamat akeh wong sulaya sangèt lamun wèngi ngalamat akeh wong ngalih saking panggonanne bèras pari murah.
|| lamun ana liNdhu ing wulan sapar ing rahinna ngalamat akeh wong sakit udan nangin sangèt wowohhan tulus lamun wèngi akeh wong prang wong desa apa larassan.
|| lamun ana liNdhu ing wulan sèla ing rahinna ngalamat akeh wong mukmin abibinahu wong agung karaşa maring wong desa lamun wèngi ngalamat akeh wong rusak angin sangèt udan cèrak pannas sangèt.
|| lamun ana liNdhu ing wulan bèsar ing rahinna ngalamat akeh wong susah priyayi kangung prihhatin wowohhan dadi gawenne priyagung akeh lamun wèngi ngalamat ana papatih agung prihhatin akeh wong rusak wowohhan dadi udan akeh bèras pari murah kèbo sapi murah.
ngaNdhap punnika sangkanne liNdhu.
|| lamun liNdhu saka wetan ngalamat bèras pari larang salaka murah kèbo sapi murah.
|| lamun liNdhu saka kidul wetan ngalamat ana prang rame papati akeh wong desa rusak akeh tigal bèras pari murah kèbo sapi murah.
|| lamun liNdhu saka kidul bèras pari larang akeh udan lan akeh dipati parentah dudu.
(41)|| lamun liNdhu saka kidul kulon bèras pari larang udan cèpak wowohhan akeh runtuh kèbo sapi murah wong agung amangan wong desa kambu taunne.
|| lamun liNdhu saka kulon bènnèr bèras pari murah wowohhan dadi wong ngagung mupakat wong desa suka akeh wong laki rabi.
|| lamun liNdhu saka lor kulon bèras pari larang kèbo sapi murah wong ngagung duka wong desa prihatin.
|| lamun liNdhu saka lor bènnèr ana prang wong desa rusak wong agung kewuhhan.
|| lamun liNdhu saka lor wetan ana prang rame wong agung prihhatin wong desa suka bèras pari kèbo sapi murah tamat.
Punnika ngalamattipun mannawi wontèn lintang kumukus saking wirayattipun BaGeNdha ngali ingkang puTra ABunTalib raliyallahunganhu, mongka matur ngali dhumatèng kangjèng raSullolah ya Sayiddi ngalamat punnapa mannawi wontèn lintang kumukus punnika, angandika kangjèng raSullolah Sam ngali mungguh ngalamatting lintang kumukus iku mangkenne.
|| yen lintang kumukus ana wetan iku ngalamat ana ratu prihhatin diPaTi kewuhhan wong desa rame rusak udan akeh bèras pari murah dinnar larang wong desa padha prihhatin.
|| yen lintang kumukus ana kidul wetan iku ngalamat ana raTu seda wong desa akih padha ngalih sangking panggonanne udan larang wowohhan akeh runtuh gègèring bangèt bèras pari murah mongka tumulli larang kewan kèbo sapi murah padha ginnawe dagangan.
|| yen lintang kumukus ana kidul bènnèr iku ngalamat ana raTu seda dipati aponycabakah lan prihhatin denning ratu sawiji udan akeh wowohhan dadi bèras pari murah kèbo sapi akeh ora ana ajine, wong desa akeh padha nalongsa.
(42)|| yen lintang kumukus ana kidul kulon ngalamat ana ratu seda lan wong desa akeh padha gawe kabècikkan bèras pari murah wowohhan dadi kèbo sapi akeh padha mati.
|| yen lintang kumukus ana kulon bènnèr ngalamat ana raTu jumèNnèng dipati hurmat wong desa padha suka bèras pari murah tulus sabarang kang sarwa tinnandur udan akeh awet murah barang kang tinnuku saking nugrahanning Allah.
|| yen lintang kumukus ana èlor kulon ngalamat ana raTu arèbut nagara dipati apinycakara wong desa akeh padha prihatin sanglat bangèt kèbo sapi akeh mati udan galudhug grahana bangèt bèras pari larang dinar murah.
|| yen lintang kumukus ana èlor bènnèr ngalamat ana raTu kewuhhan denning parenntahhing dipati aponycakara mongka kari kari tutukarran dadi pèrang rame akeh papati wong desa padha susah bèras pari murah udan larang mongka kari kari bèras pari larang dinnar murah ora règanne.
|| yen lintang kumukus ana èlor wetan ngalamat ana raTu katinggal denning bala dipati akeh mati marga pèrang desa desa padha rusak wong akeh padha prihhatin bèras pari larang mongka kari kari murah wowohhan dadi kèbo sapi murah. Titi.
ngaNdhap punnika tèbirrannipun mannawi wontèn grahhana surya sarta wulan.
|| lamun ana grahhana ing wulan mukaram ngalamat akeh bilahi kang tinurunnake denning Allah, raTu lan wong agung akeh prihhatin, mantri utawa wong cilik akeh padha siddhèkah taun iku.
|| lamun ana grahhana ing wulan sapar ngalamat larang udan, bèras pari larang, raTu tèka sabarre ing taun iku, akeh wong gawe kabècikkan marang wong desa.
|| lamun ana grahhana ing wulan mulut nglamat akeh gègèring bangèt, bèras pari larang, kari kari murah, wong cilik akeh padha bungah, taun iku ana raTu seda.
|| lamun ana grahhana ing wulan rabingulakir ngalamat bèras pari murah, (43)dipati padha suka, kalangkung pènnèdde.
|| lamun ana grahhana ing wulan jumadilawal ngalamat wong desa antuk kabècikkan lan antuk barkatting raTu tur padha bungah bungah lan mufakat, wowohhan bèras pari murah.
|| lamun ana grahhana ing wulan jumadilakir ngalamat udan bangèt, kèbo sapi akeh mati taun iku.
|| lamun ana grahhana ing wulan rèjèp ngalamat musuh akeh tèka ponycabaya mufakat, mantri Bupati sabalanne ana maling pangulu padha suka, rèjèki murah.
|| lamun ana grahhana ing wulan ruwah ngalamat raTu padha ratu pipisahhan, mantri Bupati lan rayatte padha mufakat, bèras pari murah.
|| lamun ana grahhana ing wulan siyam ngalamat akeh kabècikkan tèngahhan lan akirre taun iku, gègèring bangèt.
|| lamun ana grahhana ing wulan sawal ngalamat akeh wong lara ati sami duka, mantri bupati ora mufakat, angin bangèt, bèras pari larang.
|| lamun ana grahhana ing wulan dulkangidah ngalamat akeh pitnahhe wong wong agung agung, angin bangèt, akeh bilahi, balanne padha aponycakara.
|| lamun ana grahhana ing wulan bèsar ngalamat akeh udan, bèras pari larang, sato kewan padha lèmu lèmu. Titi walahuAlam.
Ing ngaNdhap punnika ngalamatipun mannawi wontèn teja.
|| lamun ana teja saka wetan bènnèr ngalamat ana ratu jumèNnèng, tulus kang sarwa tinnandur, wong cilik eca mannahe, tulus jènnèngnging raTu.
|| lamun ana teja saka kidul wetan ngalamat wong agung nambut gawe gèdhe, ngalah ana prangan, udan dèrès, bèras pari wurung, srèngenge surèm.
|| lamun ana teja saka kidul bènnèr ngalamat bèras pari larang, akeh wong pitnah, akeh wong mati kus.
|| lamun ana teja saka kidul kulon ngalamat akeh gègèring, mantri prihhatin, wong cilik rusak, akeh udan satu akeh mati.
(44)|| lamun ana teja saka kulon bènnèr ngalamat bècik, murah samubarang.
|| lamun ana teja saka èlor kulon ngalamat akeh wong mati denning gègèring, arang pangan, mantri rusak mannahe.
|| lamun ana teja saka èlor bènnèr ngalamat ana ratu rèbut nagara mantri wong cilik padha rusak, bèras pari murah, kehhe satu murah, wèkassan larang.
|| lamun ana teja saka èlor wetan ngalamat ratu prihhatin, mantri rusak, wong cilik ngalih saking omahhe, larang udan, bèras pari murah wèkassan larang. Titi walahuAlam.
Ing ngaNdhap punnika ngalamattipun lidhah (kilat)
|| omahhing dalu, yen lidhah wetan bènnèr bèras pari larang, dinnar murah, udan nakeh, mantri akeh kang ngalih saking ngomahhe.
|| yen lidhah kidul wetan bèras pari murah, akeh udan lan ana pèrang rame, akeh tinggal bale omahhe, akeh wong pitnah.
|| yen lidhah kidul bènnèr bèras pari larang, udan dèrès, wowohhan akeh runtuh, kèbo sapi murah, wong agung amangan wong cilik tèmah rusak.
|| yen lidhah kidul kulon gègèring sangèt, larang pangan, udan akeh, kèbo sapi murah, mantri padha prihatin.
|| yen lidhah kulon bènnèr tulus sabarang kang tinnandur sruwa murah mantri padha apatut, ratu suka padha anglakonni ngibadah.
|| yen lidhah èlor kulon larang pangan, wong cilik rusak, wong agung prihhatin.
|| yen lidhah èlor bènnèr ngalamat ana pèrang gèdhe, wong agung prihhatin katilar denning bala, larang pangan, ana gègèring.
|| yen lidhah èlor wetan ana gègèring gèdhe, larang pangan, udan akeh lan gègèring kèbo sapi akeh mati, ratu prihhatin, wong cilik rusak, padha mumuleya maring kang lalis papthi oleh pitulunging Pangeran. Titi walahuAlam.
Mulanne ana dina jumungah GuşTi Allah nglahirrakèn naBi Adam (45)lan ibu Khawa.
|| mulanne ana dinna sabtu GuşTi Allah nglahirrakèn pati lan urip.
|| mulanne ana dinna Akat GuşTi Allah nglahirrakèn bècik lan ala.
|| mulanne ana dinna isnen GuşTi Allah nglahirrakèn guşTi NaBi muKamad.
|| mulanne ana dinna salasa GuşTi Allah nglahirrakèn Iman tokit lan makripat.
|| mulanne ana dinna rèbo GuşTi Allah nglahirrakèn sarengat tarekat KaKekat sakawan makripat.
|| mulanne ana dinna kèmis GuşTi Allah nglahirrakèn waktu lalima.
Ing ngaNdhap punnika wicallan daşanama.
|| eka, duwi, tri, catur, ponyca, sad, sapta, aştha, Nawa, daşa.
|| eka, tunggal, kuda ngèraba ing pandèngngan.
|| duwi, loro, kakombang angleng ing tawang.
|| tri, tatèlu, lèmbu nusu ing annake.
|| catur, papat, bahita sumèngkeng ing ngardi.
|| ponyca, lalima, bahita amot sègara.
|| sad, nènèm, kang wèlut anglenging pari.
|| sapta, pitu, angasu pikullan banyu.
|| aştha, wolu, amet gènni adèdamar.
|| Nawa, sanga, jronning pètèng ana padhang.
|| daşa, sapuluh, usumme saştra gumèlar.
Ing ngaNdhap punnika watakke jaman sawiji wijinning taun yen ana ratu jumèNnèng.
eka=bumi, duwi=sawah, tri=gunung, catur=sagara, ponyca=tawang, sad=pangonnan, sapta=pèrang, aştha=kayangan, Nawa=dahgaNa, daşa=Nata. kados ta.
|| eka bumi watakke bumi gumisir yen ana raTu jumèNnèng sirah angkanning taun satunggal saratte ngaliya kadhaTon.
|| duwi sonya kang janma sungkawa yen ana raTu jumèNnèng sirah angkanning taun kalih larang pangan gègèring gèdhe wong cililik padha susah.
|| tri PaNdhiTa sah saking sannannira yen ana raTu jumèNnèng sirah angkanning taun tiga ponyca bakah lawan santannannira èndi ingkang adoh (46)ing kadhaTon kalah.
|| catur palwa rèmèg sajronning samodra yen ana raTu jumèNnèng sirah angkanning taun sakawan iku ora yuwana PanyjèNènganne raTu.
|| ponyca tawang patakke prèksa gumuling yen ana raTu jumèNnèng sirah angkannipun gangsal ana gègèring gèdhe.
|| sad pangonnan kang janma suka mannahira yen ana raTu jumèNnèng sirah angkanning taun nènèm sakèlangkung karta raharja nagaranne janma sami suka.
|| sapta pèrang dewa rèksa asungkawa yen ana raTu jumèNnèng sirah angkanning taun pitu ana pèrang gèdhe ora yuwana PanyjèNènganne.
|| aştha kayangan raja règa bratayuda yen ana raTu jumèNnèng sirah wolu yuwana PanyjèNènganne ananging ana pèrang gèdhe.
|| Nawa dahhana margasonya tan sabawa yen ana raTu jumèNèng sirah sanga ora yuwana PanyjèNènganne larang pangan ana gèring gèdhe.
|| daşa prabu janma dewa yèksa suka yen ana raTu jumèNèng sirah sadaşa sakèlangkung saking pènnètde.
|| kasèbut ing nginggil punnika sarehni sampun dipunpengètti denning para sagèt ing jaman kinna dados inggih botèn maleset kaliyan kanyatahhannipun taNdhannipun jumèNèng Ndalèm ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa ingkang kaping sadaşa nalika ing dintèn kèmis wage tanggal kaping 12 wulan siyam taun je Ongka 1822 dados sirah kalih nyatannipun inggih awis tèdha tiyang alit inggih kathah ingkang sami susah denne sapunnika ugi usumme saştra gumèlar inggih jumèNèng Ndalèm PaKuBuwaNa kaping sadasa daşa sapuluh usumme saştra gumèlar kados ingkang sampun kasèbut wicallan dasanama ing nginggil wau, mènggah ingkang kasèbut daşaprabu, janma dewa yèksa suka, punnika jumèNèng Ndalèm ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa ingkang kaping sanga nalika ing dintèn sènnen lègi tanggal kaping 27 wulan jumadilakir taun je Ongka 1790 dados jumèNèng sirah  sadaşa, nyatannipun tiyang alit inggih kathah ingkang sami suka, janma dewa yèksa suka tègèssipun botèn amung bongsa jawi kemawon ingkang sami suka dalah tiyang sabrang ingkang sami dhatèng inggih lajèng katrèm gagriya wontèn ing Surakarta. (47)Ing ngaNdhap punnika watakke taun sawiji wiji lumampah sabèn taun.
|| yen sasi muKaram nuju sirah satunggal yaiku eka bumi watakke akeh wong salapaNa (padu) marga saka bumi.
|| yen pinuju sirah kalih yaiku duwi sawah watakke akeh amanne sawah.
|| yen sirah tèlu tri gunna watakke akeh warta tan tèmèn.
|| yen sirah papat catur sagara akeh hawanne sagara.
|| yen sirah lima ponyca tawang akeh suwara gura saking tawang.
|| yen sirah nènèm mara sasadya akeh dhadhèrèg kèbo sapi.
|| yen sirah pitu sapta pèrang watakke akeh wong pèrang.
|| yen sirah wolu aştha kayangan watakke akeh omah brakasakkan padha rubuh tègèsse kayu watu padha rukut.
|| yen sirah sanga Nawadahhana watakke akeh angin wiwittan padha rubuh.
|| yen sirah sadasa buta mati watakke wawèlanning ratu.
|| mènggah ingkang kasèbut ing nginggil punnika nyatannipun taun Ongka 1837 punnika dados sirah pitu inggih kathah pèrang tègèssipun pèrang punnika botèn pèrang tumbak bèdhil sanadyan tiyang prakawissan inggih nama pèrang ugi dados cèkakipun sadaya ingkang sampun kasèbut ing tulis punika botèn maleset kaliyan kanyatahannipun mila mugi sami dipunengèttan. Titi walahu Alam.
(48)punnika sujarahipun ingkang nurunnakèn para NaTa ing tanah jawi wiwit saking arya daNnanyjaya, mufakattipun kawastannan mangiwa, katrangannipun kados ing ngaNdhap punnika.
1. arya daNnanyjaya puputra.
2. arya aBimanyu puputra.
3. PraBu ParikèSit puputra.
4.  PraBu yudayaNa puputra.
5. PraBu GèNdrayaNa puputra.
6. PraBu jaya Baya puputra.
7. PraBu jaya amijaya puputra.
8. PraBu jaya amişeNa puputra.
9. PraBu kuSuma wiwitra puputra.
10. PraBu citra Soma puputra.
11. PraBu Paonyca driya puputra.
12. PraBu angling driya puputra.
13. PraBu Suwelacala puputra.
14. PraBu Sri maha PaungGung puputra.
15. PraBu jaya lèngkara puputra.
16. PraBu rèşi Gathayu puputra.
17. PraBu lèmbu amiluhur puputra.
18. PraBu Panyji hiNo karTaPaTi puputra.
19. PraBu Panyji maheşa TaNdrèmman puputra.
20. PraBu Banyjarran sari puputra.
21. PraBu mundhing Sari puputra.
22. PraBu mundhing wangi puputra.
23. PraBu Pamèkas puputra.
24. PraBu BraTNa puputra.
25. PraBu Brakumara puputra.
26. PraBu Brawijaya kapisan puputra.
27. PraBu Brawijaya II puputra.
28. PraBu Brawijaya III puputra.
29. PraBu Brawijaya IIII puputra.
30. PraBu Brawijaya V puputra. (49)
31. raden lèmbu PèTèng puputra.
32. kyai aGèng GèTas PaNdhawa puputra.
33. kyai aGèng gela puputra.
34. kyai aGèng Nis puputra.
35. kyai aGèng maTaram puputra.
36. PaNnèmbahan seNaPaTi puputra.
37. kangjèng SuSuhuNnan adi puputra.
38. ingkang SiNuhun Kangjèng SulTan aGung puputra.
39. kangjèng SuSuhuNnan amangkurat nu puputra.
0. mare ing TèGal arum puputra.                                              
40. kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwana 1 puputra.
41. kangjèng SuSuhuNnan PraBu amangkurat puputra.
42. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa kaping 2 puputra.
43. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 3 puputra.
44. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 4 puputra.
45. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 5 puputra.
46. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 6 puputra.
47. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 9 puputra.
48. SamPaeyaNdalèm ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa ingkang kaping 10 ingkang jumèNnèng sapunnika.
|| mènggah sujarah ing nginggil punnika mila ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa ingkang kaping 7 utawi kaping 8 botèn kalèbèt ing tulis amargi amung makilli kemawon saha sami putra putra ingkang kaping 4.
|| ing ngNdhap punnika sujarahhipun ingkang nurunnakèn paraNa şaking tanah jawi wiwit saking GuSti NaBi muKamad raSullullah salallahhungalehiwasalam mufakattipun kawastannan mannèngèn.
1. kangjèng NaBi muhKamad raSullullah puputra.
2. SiTi PaTimah puputra.
3. SayiddiNa SulTan KuSen puputra.
4. sarip sulTan jeNnal ngabidin puputra.(50)
5. Sarip sulTan walitjeNna ngalim ing mèkah puputra.
6. Sarip sulTaN suleman jeNnalkakim puputra.
7. Sarip sulTan jedjeNnalkaBir puputra.
8. SadiddiNna jeNnalkubra puputra.
9. Seh NajmudiNnilkubra puputra.
10. Seh Sèmangun puputra.
11. Seh haSan puputra.
12. Seh Askar puputra.
13. Sayid Imam ngabdullah puputra.
14. SayeddiNna ngabdurrahman puputra.
15. molaNna mahmuddiNnilkaBir puputra.
16. molaNa mahmuddiNnilkubra puputra.
17. Seh jumadil kaBir puputra.
18. Seh jumadil kubra puputra.
19. molaNa Ibrahim Asmara puputra.
20. kangjèng SuSuhuNnan ing ngampel dènTa puputra.
21. nyai aGèng mabur puputra.
22. nyai aGèng Panycurran puputra.
23. SuSuhuNnan Kudus puputra.
24. PaNnèmbahhan kudus puputra.
25. Pangeran dèmang sumare ing kadhiri puputra.
26. Pangeran rajungan puputra.
27. Pangeran Kudus puputra.
28. raden adiPaTi SumadiPaura puputra.
29. raden adiPaTi TirTa kuSuma ing kudus puputra.
30. kangjèng raTu kanycaNa garwa dalèm ingkang SiNuhu Kangjèng SuSuhuNnan amangkurat puputra.
31. ingkang SiNuhuN Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa kaping 2 puputra.
32. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 3 puputra.
33. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 4 puputra.
34. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 5 puputra.
35. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 6 puputra.
36. ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa 9 puputra. (51)
37. SamPaeyaNdalèm ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa ingkang kaping 10 ingkang jumèNnèng sapunnika.
(52)
Jam
sontèn
sontèn
Sontèn
sontèn
Sontèn
4
Sadalu
ngijraIl
rèjèki
Amat
salamèt
jaBaraIl
kalangngan
IBrahim
pacak wèsi
yuSup
pitutur
1

yuSup
salamèt
ngijraIl
kalangngan
Amat
pacak wèsi
jaBaraIl
pitutur
IBrahim
Rèjèki
10
IBrahim
kalangngan
yuSup
pacak wèsi
ngijraIl
pitutur
Amat
Rèjèki
jaBaraIl
salamèt
8
jaBaraIl
pacak wèsi
IBrahim
pitutur
yuSup
rèjèki
ngijraIl
salamèt
Amat
Kalangngan
6
Amat
pitutur
jaBaraIl
rèjèki
IBrahim
salamèt
yuSup
kalangngan
ngijraIl
pacak wèsi
Wanyci jam
enyjing
enyjing
enyjing
Enyjing
enyjing
sami
Sami
sami
Sami
sami
Tanggal jawi “0”
26
27
28
29
30
21
22
23
24
25
16
17
18
19
20
11
12
13
14
15
6
7
8
9
10
1
2
3
4
5

sami
sami
sami
Sami
sami
(53)
punnika namanning lintang pipitu, urut, lampahhipun sabèn jam santun, ing wastannan petang palintangngan ingkang awong miwah ingkang sae, mannawi ngèdèggan panganten. mènggah katèrangngannipun kados ing ngaNdhap punnika.
1.      “1”// lintang Samsu, rahayu samubarang gawe bècik, dagang layar, nyantri, mrayatir wayah iku watèkke momok ing ngelmu, saleh tur
2.      “2”// lintang jureh, rahayu samubarang gawe bècik, babat gawe nagara, ga
3.      “3”// lintang ngatarid, ala samubarang gawe, watak angèbokake
4.      “4”// lintang kamar, rahhayu samubarang gawe bècik, adolla tuku sae
5.      “5”// lintang jukal, samubarang gawe ala, yen bayi lahir ora bisa sugih, lan asring tutukarran, yen kelangngan tan katèmu, mung yen ginnawe maling ngampuh
6.      “6”// lintang mustari, rahhayu samubarang gawe bècik, yen bayi lahir oleh cahya
7.      “7”// lintang marih, samubarang gawe ala, seba ing ngratu sapanunggalanne ala
Wangci tjam nèm enyjing dumugi jam gangsal sonten “o”







dintèn pipitu “jam”
6
7
8
9
10
11
12
1
2
3
4
5
jam
Akad
1
2
3
4
5
6
7
1
2
3
4
5
ongka namanning lintang pipitu, urut
sènnen
4
5
6
7
1
2
3
4
5
6
7
1
salaşa
7
1
2
3
4
5
6
7
1
2
3
4
rèbo
3
4
5
6
7
1
2
3
4
5
6
7
kèmis
6
7
1
2
3
4
5
6
7
1
2
3
jumungah
2
3
4
5
6
7
1
2
3
4
5
6
saptu
5
6
7
1
2
3
4
5
6
7
1
2
 (54)
ing ndalèm sadintèn sadalu “24” kawanlikur jam, kadamèl pepetangngan nakèn griya, dandos dandos sapanunggilannipun, ugi kadamèl ningkahhan satunggal satunggalling lintang “o” lumampah wiwit dintèn akat inyjing “o”
yi, jumènnèng ratu, ngèdèggake omah ningkahhan bèdhah iku lambi, yen bayi lahir sugih, yen wong minggat sarta kelangngan gèlis katèmu, yen lara gèlis waras, gawa desa gawe dalan, yen bayi lahir wayah iku sareh budinne “o”
gètih, mung yen nyaNthuk iku bècik, yen bayi lahir ora bisa sugih, oleh bathi, junyjung omah lan maSjid seba ing ngratu, yen bayi lahir bisa mun kèrèp lara cacingngèn, yen susah banget, yen ginnawe nikah pègattan lan asring tutukarran, begal ngecu ngoyok, lan yen ginnawe prang catur sapanunggallanne iku bècik, lan nèkakake bègja, sabarang ciptanne bapa biyungnge katuruttan kabeh, saNdhang pangan tèka pupuh pupuh, yen bayi lahir kèrèp nangis mung yen ginnawe prang padu bicaran iku becik “o”
wiwit jam nèm sontèn dumugi jam gangsal enyjing “o”







dintèn pipitu “jam”
6
7
8
9
10
11
12
1
2
3
4
5
Jam
malèm sènnen
6
7
1
2
3
4
5
6
7
1
2
3
ongka namanning lintang pipitu
malèm salaşa
2
3
4
5
6
7
1
2
3
4
5
6
malèm rèbo
5
6
7
1
2
3
4
5
6
7
1
2
malèm kèmis
1
2
3
4
5
6
7
1
2
3
4
5
malèm jumungah
4
5
6
7
1
2
3
4
5
6
7
1
malèm saptu
7
1
2
3
4
5
6
7
1
2
3
4
malèm Akat
3
4
5
6
7
1
2
3
4
5
6
7
(55)
iki kanggo wong Ahli jènnèng, sirah lan pèthit kinumpullake, binuwang pitu pira karine, ngisor iki petungnge, saştra rongpuluh kawruhhana nèptunne.
Ha, Ma, nèptunne “5”. Wa, nèptunne “6”. La, “7”. Ya, “9”. Ga, “1”. Na, Ca, Ra, Ka, Da, Ta, Sa, Pa, Dha, Ja, Nya, Ba, Tha, Nga, kabeh nèptunne “1”
yen kari
Aranne
watakke
1
2
3
4
5
6
7
Tunggak sèmi
Satriya lèlaku
Pisang kapunggèl
Lumbung gumuling
PaNdhiTa mukti
Padaringngan kèbak
Sanggar waringin
Yen ngawula oleh ati
Kangelan barang sinnèdya
Kaundur panggawehhanne
Kangellan saNdhang panganne
Cukup kang pinangan nginggawe kaget
Bisa sugih awet tinunggu dunnya
Dadi pangaubbanne wong ngakeh
Iki saştra ginnawe jènnèngngake bocah cilik, sirah lan pèthit kinumpullake, binuwang pitu pitu pira karine.
Ha, Ya, nèptunne “10”. Sa, Ba, nèptunne “2”. Da, Ta, Ma, nèptunne “4”. Pa, Ra, Ka, nèptunne “8”. Ca, Ra, nèptune “3”. Sa, nèptune “12”. Ga, Wa, La, Nya, Tha, Dha, Nga, nèptune “6”. ngisor iki katranganne.
Yen kari
Aranne
Tègèsse
1
2
3
4
5
6
7
Satriya katrappèn
Kidang nganycik kasrungga
Satriya wibawa
Satriya wirang
Bumi kapètak
Sumur pucuk gunung
purNa masiddhi
Règèt sabarang karèppe
Langkah barang karşanne
Akeh bègjanne
Asring manggih pakewuh kang ala
Pètèngngan mannah
Rèsik sabarang karşanne
Kudu tèrang suci sabarang

(56)katèdhakkan sèrat prajangjiyaN dalèm ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNan PakuBuwaNa ingkang kaping VII 7 akaliyan kangjèng tuwan yan Inak PansePaèn ePaèn kumissaris ing nagari Surakarta akaliyan ing ngayogyakarta kados ing ngaNdhap punnika prajangjinnipun.
Punnika sèrat prajangjiyan prakawis tatèmpah dhumatèng ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNan kadamèl antawissipun kangjèng tuwan yanInak PansePaèn ePaèn kumissaris ing nagari Surakarta akaliyan ing ngayogyakarta ingkang sampun kaparingan panguwaşa dhumatèng kangjèng tuwan ingkang wicaksana GuprèNur jeNdral salèbètting rad kawrat wontèn ing sèrat kakanycingan katiti maşan tanggal kaping 26 wulan Paebruwari ingkang sampun kalampahhan Ongka 5 akaliyan ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNan PaKuBuwaNa SeNnaPaTi ing ngalaGa ngabdurrahman sayiddina PaNNaTa Tama ingkang kaping pitu ingkang kagasuhhan tannah tannah bacah ing nagari Surakarta sadaya. Ingkang mungèl wontèn ing sèrat prajangjiyan antawissipun akangjèng tuwan kumisaris ingkang amrannata prakawissing nagari karaTon kakalih akaliyan ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNan katiti mapan tanggal kaping 22 wulan junni taun 1830  ing bab kaping 5 ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan sarta para Pangeran punnapa malih prayagung santana ing Surakarta sami katètèppakèn pikantuk pamèdal saking pasiten ingkang kahasta dhumatèng kangjèng GuParèmen anglampahhakèn utussan priyantun dumatèng pasiten wau punnika supados atitipa riksala mènggah papriksannipun kataNdhing kalih sèrat pratelannipun karaTon ing Surakarta, bab pamèdalipun siti monyca nagari ing tannah bang wetan kala ing wau wau inggih sampun pinnangih rujuk kali pamariksannipun utussan wau sarta botèn wontèn sulayannipun annanging mènggah pamèdallipun siti tannah bang kilen ing bagèlen kalih ing banyumas punnika dereng tèrang sabab siti tannah bang kilen wau kathah ingkang kaparingakèn dados lènggah ipak priyantun alit alit ing Surakarta mila sampun kagalih prayogi kadamèl sèrat prajangjiyan.?
(57)pirèmbaggan wontèn ing nagari Surakarta wondenne kangjèng tuwan kumissaris baron Pantawik Pan Pabèn, akaliyan kangjèng raden adiPaTi inggih sami wontènnipun, sarèng sampun sami karèmbag anuntèn para kangjèng tuwan kumissaris akintun sèrat dhumatèng ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNnan katiti maşan tanggal kaping “7” wulan ngapril ingkang sampun kalampahhan amratelakhakèn kathahhipun ucang tatèmpah ingkang saking kangjèng GuPrèmen sarta kathahhipun ing pamèdal sadaya ingkang badhe katampen dhumatèng ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNnan saking kangjèng GuPrèmen ing sapanginggillipun mènggah ingkang kasèbut ing sèrat wau sadaya inggih sampun andadossakèn parèngipun ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNnan kawrat wontèn ing sèrat katitimangşan tanggal kaping “10” wulan PeBruwari wondenne prakawis punnika inggih sampun konyjuk dhumatèng kangjèng tuwan ingkang wicaksaNa GuPrèNur jeNdral sarehning kangjèng tuwan kumissaris sampun kaparingngan panguwaşa, mila ing mangke kadamèl sèrat prajangjiyan kados ingkang mungèl ing ngaNdhap punnika.
“bab 1”
ingkang SiNuhun kangjèng SuSuhuNnan amratelakhakèn sampun parèng annampanni kasèmpah pantès anyèkappi sumèrèppa mèdallipun pasiten sapanunggillannipun sadaya, ingkang sapunnika kahanta dhumatèng kangjèng GuPrèmen kasèbut wontèn ing sèrat prajangjiyan katiti maşan tanggal kaping “22” wulan junni tahun “1830” wondenne kathahhipun ing tatèmpah “334282” tigang kèthi tigang lèksa kawannewu kalihhatus wolungdaşa kalih rupiyah, tatèmpah samantèn punnika sampun kalèbèt pamèdallipun ing pasiten ingkang sampun kapasrahhakèn dhumatèng kangjèng GuPrèmen sarta ingkang sami kawahossakèn dhumatèng walaNdi, saha ingkang SiNuhun kangjèng SusuhuNnan ing sapunnika ngantos ing salaminnipun sampun botèn kagungngan pamuNdhut malih ing ngatassipun prakawis punnika.
“bab 2”
kangjèng GuPrèmen asanggèm badhe ambayar uwang dhumatèng ingkang SiNuhun ing sabèn sabèn tahun mèdallakèn tigang wulan utawi sabèn wulan ??? katèmpah ingkang kasèbut wontèn ing bab kaping “1” (58) ing nginggil wau, sarta sumèrèp kasagahhannipun kangjèng GuPrèmen dhumatèng ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan ingkang sampun kasèbut wontèn ing sèrat prajangjiyan ingkang rumiyin punnapa malih sumèrèp katèmpahhipun siti ing Kradennan kalih ing Kuwu tuwin padhèkahhan ing sawatawis ingkang minongka prayoginning tapèl watèssipun ing kabupaten dèmak kalih ing groboggan tannah Samarang ingkang sami kahasta ing kangjèng GuPrèmen mènggah kathahhipun ing uwang kados ing ngaNdhap punnika.
(1)   ingkang sumèrèp tatèmpah ing sawarninnipun pasiten tannah monyca nagari bang wetan akaliyan tannah bang kilen ingkang kasèbut wontèn ing sèrat prajangjiyan katitimaşan tanggal kaping “22” wulan junni ing tahun “1830” ing bab kaping “2” kalèbèt pamèdallipun siti dhusun ing kang sami kawatossakèn dhumatèng wèlaNdi, kathahhipun sadaya “334282” tigang kèthi tigang lèksa kawannewu kalihhatus wolungdaşa kalih rupiyah.
(2)   ingkang sumèrèp pamèdallipun kori bandar, guwa susuh kathahhipun kala Alammipun kangjèng GuPrèmen enggris “100000” sakèthi ringgit utawi “306000” tigang kèthi nèmmewu rupiyah.
(3)   ingkang sumèrèp pamèdallipun tannah ing jawi kori ingkang kahasta ing kangjèng GuPrèmen kala ing taun “1824” “100000”.
(4)   ingkang sumèrèp pamèdallipun pèkèn ingkang kahasta ing kangjèng GuPrèmen kala ing taun “1812” “11322”.
(5)   ingkang sumèrèp tatèmpahhipun siti dhusun ing kradennan “2830” rupiyah, ingkang sumèrèp katèmpahhipun padhèkahhan ing sawatawis “553” 3383” sarta sarèm saking nuwun tundhacin, gugung sadaya “754987” pitung kèthi gangsal lèksa kawannewu sangangngatus wolungdaşa pitu rupiyah, wondenne wiwittipun tumindak katèmpah ingkang sampun kasèbut ing bab kaping “1” dumuginnipun ing bab kaping “5” ing tanggal kaping “15” wulan Agustus ingkang sampun kalampahhan ing wingking punnika.
“bab 3”
mènggah pambayarripun ing kangjèng GuPrèmen ing nguwang wau sadaya ingkang sadumman awarni uwang pèrak ingkang tigang dumman awarni uwang tèmbagi.
“bab 4”
(59)amargi saking pandamèllipun watèn enggal antawissipun pasiten ingkang bawah ing nagari Surakarta, kalih pasiten bawah nagari ing ngayogyakarta yen tèn dhusunnipun Kangjèng Pangeran adiPaTi PakuAlam ing tannah pajang tumut dados bawahhipun ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan sarta siti dhusunnipun Kangjèng Pangeran adiPaTi arya mangKuNaGara, ingkang tannah maTaram wontèn ingkang tumut dados bawahhipun nagari ing ngayogyakarta ingkang punnika ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan asanggèm ing sabèn taun badhe angendèllakèn uwang wontèn ing kantor kathahhipun “3000” tigangngewu ringgit, utawi “7650” pitungngewu nèmmatus sekèt rupiyah, kacowok saking kagungngannipun pamèdal sumèrèp tatèmpah dumatèng kangjèng Pangeran adiPaTi ariya mangkuNaGara, icalling kagungngannipun siti dhusun tannah maTaram ingkang sampun kasèbut wau.
“bab 5”
ingkang SiNnuhun Kangjèng SuSuhuNnan asanggèm badhe amaringngi siti sarta uwang dhumatèng para Pangeran akaliyan ingkang putra santana ingkang sampun kasèbut wontèn ing sèrat padnum katur dhumatèng ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan kawrat wontèn ing sèrat katitimasan tanggal kaping “20” wulan meI ing wingking punnika, saha ingkang sampun andadossakèn parèngngipun ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan sarta asanggèm badhe amaringi siti lan uwang dhumatèng ing papatihhipun kang nama kangjèng raden adiPaTi SaSradiNningrat sakanycannipun sadaya, mènggah punnika badhe kaprap nata ing wingking.
“bab 6”
ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan sampun parèng kagungngannipun uwang kacowok ing sabèn wulan “1000” sewu rupiyah kadamèl waragatdipun anyaenni margi margi sarta karètèg karètèg, uwang samantèn punnika kangjèng tuwan reSidhen sakaliyan raden adiPaTi ingkang badhe anyowok.
“bab 7”
sareh ing prannatannipun ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan para Pangeran sarta ingkang putra santaka, ing mangke sami pikantuk pamèdal kang annyèkappi, saha papatihhipun kang nama raden adiPaTi SaSradiNningngra(60)t sakanycannipun sadaya badhe kaparèngngan pamèdal kang anyèkappi, ingkang punnika ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan asanggèm badhe amu????rat sakathahhing lampah lampahhipun ing priyantun ingkang prayogi, sarta pangannitayannipun dhumatèng titiyang alit ing nagari Surakarta sadaya.
“bab 8”
wondenne amurih kalampahhannipun prakawis kang kasèbut ing nginggil wau ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan asanggèm kados kala PanyjèNnèngngannipun ingkang nama Kangjèng SuSuhuNnan PaKuBuwaNa kaping “4” kasèbut wontèn ing sèrat prajangjiyan ingkang kadamèl kala ing taun “1812” badhe miturut pitèdahhipun Kangjèng tuwan reSidhen tèrang karşannipun Kangjèng GuPrèmen bab prannatanning pamarentahhannipun ing pasiten kalih denne malih mènggah sakathahhing prakawis ingkang mènggah dhumatèng pangadillan jawi nagari ing Surakarta, punnika kaprannatan enggalla rimpung ??? supados ingkang prakawissan pikantuk kahadil ingkang lèrès sarta ingkang enggal, ing wusanannipun amuriya nindakakèn sabarang ingkang kenging andadossakèn tèntrèm sarta karahharjannipun ing titiyang alit ing nagari Surakarta sadaya “0”
sampun tèlas kadamèl kataNdhan sarta kahecappan wontèn ing nagari Surakarta, denning kangjèng tuwan kumissaris, saha ingkang SiNuhun Kangjèng SuSuhuNnan wau, kala kaping “22” wulan junni ing taun “1831”
mengèt lahirre Surat nadina malèm slasa wati wayah jam “1” ngrinnakake tanggal kaping “8”  sasi rèjèp taun Ehewwangka “1844” wuku julung pujut wong sasurya “12” wiNdu kuNdhara lambang kulawu utawa ngrinnakake langgal kaping “2” sasi junni taun 1914.
Pengèt lahirre waşita dinna malèm salasa wage wayah jam pitu ngrinnakake tanggal kaping “18” sasi sawal katungKul 1847, wuku siska mongsa su [???] windu kuNdhara katungkul wuku tapa ngrinnakake tanggal kaping 7 Agustus

Categories

Diberdayakan oleh Blogger.