Cerkak Jawa

Kamis, 08 Januari 2015

Udin Bocah Nakal

Ndek sore nalika wayah surup srengengene nggandhul ana ing sisih kulon, sing asale srengenge warnane kuning sakiki mulai ngabang kalingan mega. Hawane wis ora pati panas Udin mlaku ijen ana ing sawah bubar saka ngarit, tangan tengen katon nggegem arit, sirahe nyunggi suket saka pengaritan mlaku muleh. Karo mlaku Udin plingak-plinguk mripate nyawang sakkubenge, “jebul wis sepi ya, gak enek uwong blas” Udin ngomong dhewe karo menggeh-menggeh lan ringete sakjagung-jagung, wajahe katon pucat lan wedi, pikire kuatir ketemu lelembut sing medeni, saya suwi lakune Udin dibanterke kareben cepet tekan omah lan bisa ngaso. Nalika wis tekan desa ora adoh saka omahe Udin, Udin ketemu karo bocah cilik sing lagi ngenyut es, “dek kowe mrene sediluk dek tak kandani!” karepe Udin kepingin njaluk nyucup es sing dikenyut karo bocah cilik mau “lanopo mas?” bocah cilik mau takon karo nyedhak wajahe sodhok wedi “ora apa-apa dek rene aku njaluk es mu” Udin ngomong karo nyelehke sukete “emoh mas aku iki nyuwun tumbaske emak kok” krungu semaurane bocah cilik mau Udin sodok nesu lan nyedhaki manih, es dioyok saka tangane bocah cilik mau “kene aku njalok sakitik kok, kumet men kowe” Udin sodhok mekso “emoh mas emoh” bocah cilik mau kaya wis kepingin nangis. pancen Udin awake sodhok kesel lan ketelak ora mikir dawa es bungkusan plastik lengkap karo sedotan sing dicekel bocah cilik mau disaut karo Udin, dicokot pojokane plastik langsung diuyop nganti entek. Bocah cilik mau langsung mewek karo mblayu “tak kandakke emak sampian mas hiii hiii hii”. Udin gugup suket sing diselehke mau langsung disunggi manih lan cepet-cepet muleh ben ora ketemu wongtuwane bocah cilik mau.
            Ora suwe Udin tekan ngomah, suket hasile ngarit mau langsung diselehke ing sakcedhake palungan (wadah pakan). Saka jero omah makne Udin metu nyedhaki Udin “Udiiiiiin Udin budhal ngarit kok yahmene lagi muleh laponan wae kowe nak sawah??” karo nyopot sandangane udin semaur “nganu mak sukete teng sawah arang-arang mak, angil nggoleke suket, niki wau kula wae nyolong gadhae tiang sekedhik kok mak” bubar krungu semaurane Udin makne Udin kaget langsung ngelus dhadha karo ngomong nanging suwarane dibanterke “loh leee lee bocah kok nyolongan, kowe iki piye to le aja mbok ulangi kelakuan ala ngana kuwi kok dirumat malah numani wae. Yen wis gedhe kowe kuwi bakal dadi pengayom keluarga masak kelakuanmu kaya mengkana ta lee le, wis kana na adus na mangan” Udin cengar cengir “hehe inggih mak”. Karo godheg-godheg makne Udin bali melbu nyang njero ngomah.
            Bubar adus bubar mangan Udin nyedhaki emakne sing lagi nonton tivi, tangane Udin ngatong nang garepe emakne “mak nyuwon artone” “gawe apa le kok njaluk duwek barang kate nyang ngendi??” karo cengengesan kaya bocah cilik Udin njawab “hehehe damel tumbas es lo mak 5000 wae lo mak” makne ora noleh model cuwek “boh ora duwe duwek” wajahe Udin sing maune sok manja langsung maleh merengut lan nggremeng karepe dhewe “njaluk dhuwek 5000 ae kok ra dikeki glani kok kumet temen karo anake” Udin mlengos nggloyor mlebu kamare lan lungguhan ana ing peturon dhewekan lan lampune dipateni amerga pancen nesu kuwi mau dadi Udin pingin petengan wae. Ora suwe adzan isyak keprungu saka masjid  tandane wis wayae shalat isyak, makne Udin nganggo rukuh lan budal nyang masjid jamaah “Udin aku jamaah nyang masjid, lek kowe kate nandi-nandi lawange tutupen ya?” saka njero kamar Udin keprungu suarane emakne sing lagi pamit, Udin sing maune merengut langsung maleh dadi bungah maning lan semangat “oh enggih mak, atos-atos” ndek atine Udin “hehe na budhal cepet mak ben aku isa nyolong dhuwike samian, hihihi”. Alus-alus Udin metu saka kamar lan clingukkan nyawang emake wis budal apa durung “asik make wis budal” cepet-cepet Udin mblayu nyang kamare emakne, karo gugup lan katon kesusu bantal-bantal disingkapi lan kasure uga dijungkirno karo Udin. Jebul apa sing digoleki Udin kuwi ketemune ana ing ngisor kasur, dompete emakne dijukuk dibukak, nalika ndeleng isine dompet Udin katon mesem amergo nemu dhuwik. Tangane Udin disusupna ing dompet lan nggondhol dhuwek 5000. Bar kuwi dompete langsung dibalekke ing asale mau lan kasur bantal sing bubar diungkrah-ungkrah mau dibalekke, Udin ngrapike barang-barang kuwi mau kaya asale kareben emake ora ngetarani.
            Bubar enthuk dhuwik, Udin langsung budhal menyang warunge Kak Nan sing biyasane di juluki Nan Edhel pawakane gendhut endhik tapi enjoh lan akrap karo bocah-bocah cilik, kayadene Udin lan kanca-kancane sing wis kerep marung mrana. Karo mlaku Udin ngomong karepe dhewe karo mesem “lumayan dhuwek 5000 keno gawe ngopi karo ngecer rokok hehe”. Wengi kuwi cuacane pancen cerah banget, bintang lan rembulan mencorong kerlip-kerlip ana ing awang-awang, dikancani swarane jangkrik lakune Udin sing ijen tanpa kanca.
            Ora suwe Udin tekan warunge Kak Nan. Udin pancen wis dadi langganan ing warunge Kak Nan kuwi, saben wayah sekolah ngaso Udin karo kancane marung bareng nyang kana dadi Udin karo Kak Nan ya wis cedhak lan wis akrab banget. “Kak Nan kopi ireng siji ya?” tangane karo diangkat lan ngacungna driji penyuding ngarah nang Kak Nan. “oke rebes tunggu sedhelok ya” Kak Nan sok sibuk nggawekke kopi sing dipesen karo pelanggane sing tekan luwih disik saka Udin. Bar gawe kopi terus diterke nyang pelanggane sing pesen mau, cingkir dicangking kiwa tengen lewat garepe Udin “Udin kok dhewekan kancane nyang ngendi. Biyasane kok karo Ulum..??” Udin karo ngenteni pesenane mau “emboh Kak Nan wong ora katon blas mau kok, tapi mengko lak mrene ta Kak nan” Kak Nan bar ngeterke kopi langsung bali nyang kompore kate nggawekake Udin kopi “oh yowes lek ngono, aja sek ya tak gawekke kopi” ora direwes karo Udin malah ditinggal ngothek rokok eceran sing wis disedhiyakke karo Kak Nan ana ing toples.
            Nalika lagi nyumet rokok Udin digepuk uwong saka mburine nganti kaget “Udin kowe ngopi kok gak ngajak-ngajak”. Udin langsung mlengos noleh, jebul kancane dhewe. karo mesem Udin nyemauri “ya sepurane ta Lum”. Udin karo Ulum lungguh bareng sinambi ngenteni pesenane diterke karo Kak Nan. Ana ing lungguhan Udin karo Ulum njagong lan ngomong-ngomong, kopi sing wis diterke Kak Nan di ombe sakitik-sakitik karo jandon nganti kopine entek. Ora krasa jam wis nduduhke yen wengi saya dalu. Uwong sing ngopi ya saya entek padha bali garek ana wong 2 Udin karo Ulum tok. Warunge Kak Nan uga wis kate ditutup. Udin karo Ulum cepet-cepet ndang mbayar sakdurunge warung ditutup. Ulum ngadeg “Din ayo bali Din” “iya wes ayo” Udin karo Ulum akhire bali bareng. Sakjrone lakune wong 2 kuwi mau Udin weruh pitik jago sing dikurungi ana ing njabane omah karo sing nduwe, Udin nyetop lakune, mesem karo nglirik Ulum “Lum kuwi delengen ana pitik” mripate Ulum langsung ngetutake arah sing disudingi karo Udin senajan Ulum ora mudheng karepe Udin “iya terus ngopo yen ana pitik??”. Pitik kuwi pitik jago sing biyasae diadu digawe judi karo sing nduwe. “apik Lum ayo dijukuk yoo, mengko didol lak lumayan Lum isa gawe ngopi wong 2” pandhelenge Ulum langsung nyorot nyang Udin karo mesem “dicolong maksudmu?, emange kowe wani.?” Tangane Ulum digeret karo Udin “uwis ayo melu aku, aja kuwatir”. Akhire Ulum ngetotake apa kekarepane Udin karo tangane diglandhang. “Lum kowe nunggoni nang kene wae ya,? Aja minggat nandi-nandi, mengko yen ana uwong ngomongo, aku ben sing nyolong pitike” Ulum nyemauri karo plingak-plinguk ndhelengi ana uwong apa ora “oke cepet tapi aja suwi-suwi”. Alus-alus Udin mlangkah sikile jinjit supaya lakune ora kemresek, alus-alus kurungan sing kaya kubah kuwi dibukak lan pitike langsung disaut sikile. “keyoook keyooook keyyoook” suwarane pitik mbengok nganti sing nduwe pitik mbejudhung saka jero ngomah “sapa kuwi???” amerga saking gugupe Ulum langsung pencilakan mblayu ninggal Udin dhewekan. Udin ya katon gugup sisan kaya kepingin mblayu nanging eman pitike. Sing nduwe pitik weruh ana uwong sing nyekel pitike langsung melu mblayu nyang Udin, Udin dicekel karo sing nduwe pitik “lapo kowe? Pingin nyolong pitikku ya?” celanane Udin katon mbanyu saking wedine nganti kepuyoh lan ora isa nyemauri, pikire kepingin mblayu wae nanging tangane Udin dicekeli kenceng banget nganti Udin ora isa menyat nyang ngendi-ngendi. “kowe anake sapa? Jawapen” sing nduwe pitik mau takon karo mbentak-mbentak nganti Udin wedi kuwatir digepuki “kula yogane Ngatemah” Udin semaur karo prembek-prembek kepingin nangis “Ngatemah sapa? Bocah cilik wis blajar nyolong. Kene melu aku takcancang nang uwit kowe nganti sesok” tangane Udin diglandhang “aja mas aja, aku wedi mas ngapunten mas ngapunteeen aku kapok aku pingin moleh mas” Udin nuangis karo ngesot nganti sandhangane acak-acakan katon semrawut kabih, nanging Udin ora direwes malah digawakke tali lan sido dicancang temen ana ing ngisore uwet nangka. Bubar naleni, Udin ditinggal dhewekan karo sing duwe pitik mau. Karo mlangkah melbu sing duwe pitik mau ngomong “kuwi akibate yen kowe dadi bocah bandhel, dadi bocah nakal, rasakke kuwi nganti sesok ben kapok” “inggih mas inggih kula salah kula nyuwun ngapunten kula kapok mas kula mboten ngulangi malih kula sampian culke mas” Udin mrengek-mrengek njaluk sepuro karo tangise sayabanter nganti megap-megap, nanging ora digubris karo sing duwe pitik.
            Suwengi Udin dicancang isine mung nangis. Nganti adzan subuh wis nyapa pangrungune Udin, lagi sing duwe pitik mau metu lan taline Udin dicolke “wis aja ulangi ya dek?” Udin isih sengguk-sengguk “inggih mas kula sampun kapok” “yawis wis ndang bali, aja diulangi tenan lo, dadio bocah sing migunani aja bandhel lan aja seneng ngrugekke wong liyo” karo ndingkluk Udin semaur karo sengguk-sengguk “enggih mas, kula nyuwun ngapunten”. Bar diceramahi kaya mengkunu Udin langsung mlaku timik-timik karo ucek-ucek mripate ngusapi luhe sing isih ndlewer. Sakjrone lakune Udin karo mikir lan nyadhari kesalahane. Mulai saka kejadhian kuwi Udin wis bener-bener kapok tenanan lan Udin janji karo awake dhewe yen wis ora bakal ngulangi kuwi mau. Sejak kuwi Udin maleh dadi anak sing rajin penurut lan ora bandhel, ora tau ganggu utawa nggode bocah cilik maneh, apa maneh bab nyolong Udin wis ora wani nglakoni manih. Wis kapok.

0 komentar:

Posting Komentar

Categories

Diberdayakan oleh Blogger.