Kuasane Tuhan
Liwat cendhela
Mata iki manahake cahaya
Nyawang padhange ndunya
Sumilire anging nyebul rambutku
Nyapa pipiku
Lumebu maring paru-paruku
Lan nyejukake batinku
Sumilire angin kang banter padha nabraki witwitan
Nganti witwitan kang ijo royo-royo padha jejogetan
Ana wit krambil rambutan lan cematan
Megal megol ngalor ngidul ngetan lan ngulon
Gegodhongan sing padha adu gesek sansaya merdu kaya nyanyian
Senajan aku dhewekan
Aku ngrasa dikancani karo pengeran
Jare emak, yaa iki kuwasane tuhan.
Ayu Tenanan Apa Ora
Lembaran kain kang sumampir ing badanmu
ngubengi sirah nganti mataning sikil
Isa nutupi lan ambungkus sekabiane ragamu
Nanging ora kanggo ayumu
Jilbab kang kabathik kembang amubeng mbuntel mahkotamu
sansaya nambahi asrining ati
Kulit alus lan mulus
Alis tipis kaya rembulan nanggal sepisan
Mripat sayup kaya damar kanginan
Nggarai para lanangan padha mekek iman
Nanging aku pingin takon
Ayumu kuwi kanggo sapa
Ayumu kuwi mbok gawe apa
Apa mung gawe mamerke nang manungsa liyan??
Apa mung gawe sesombongan??
Aku pingin takon
Ayumu kuwi apa mung ing raga blaka??
Apa ayumu kuwi uga ana ing ati??
Amung kowe kang bisa mangsuli.
Lara Ati
Tembung kang kaucap
Metu saka lambe lan ilatmu
Kaya pedhang kang sumabit ngiris dhadha lan ati
Kaya eri kang tinancep nyungsep marang ati
Kaya beling kang ndarut agawe catuning ati
Ndadekake rasa lara lan perih kudheg dadi siji
Nganti banyu abang ndlewer mili metu saka ati
Nora ana wong kang isa nyumpel lan ngobatii
Nora ana wong kang ngerti
Amung aku lan gusti
Ditinggal Lunga
Kepingin dak kedhuk lemah kang dadi kemulmu
Kepingin dak cabut jenengmu kang tinulis ing papan iku
Kepingin dak rangkul ragamu
Kepingin dak sapa jiwamu
Nanging nlangsaning ati ndadekke wedi
Nanging nlangsaning jiwa ndadekke remuking raga
Nanging rasaning rasa ndadekke rekasa
Nanging rekasaning rasa ndadekke cilaka
Kepingin luh ku ngancani lungamu
Kepingin petenging gurit ngulem ing kupingmu
Kepingin tembung-tembung tangis dadi wiridku
Kepingin wangining melati dadi tasbihku
Senajan ati klelep kebanjiran luh
Senajan ati nlongso ora lilo
Senajan ati sepi ora ana kanca
Senajan ati nyoyo peteng tanpa surya
Nanging bektiku ngalahna ajining raga
Ngalahna setyaning terta nganti raga tanpa nyawa
Gawe Gurit
Sajroning wengi kang sepi
Pikiran iki miber ngoyak ing alam mimpi
Njebol sajroning imajinasi
Mung gawe golek tetembungan kang suci
Jam ing tembok wus nuduhake lingsiring wengi
Siji-siji tembung dak kumpulke
Nganti dadi bait kang sae
Senajan dhewe aku ora piye-piye
Amerga dibaturi udud lan wedang jae
Tangan tengen nggegem pen ireng
Tangan kiwa nggegem latu lan wawa
Sansaya aku kaya pujangga
Senajan gurit iki ora apik
Nanging aku ora apa
Paling ora aku wis usaha
Tali
Tali, nali, temali
Wong urip padha nyekel tali
Tali kang dicekel padha digawe nali
Nali apa wae kang isa ditemali
Nali kesabaran
Nali nyawa
Nali urip
Nali ndunya
Mangka kabeh sarwa ana batesan
Sarwa ana pungkasan
Kepangan Jaman
Jaman saiki ora padha jaman biyen
Jare si mbah mbiyen kuwi jaman kang edan
Nanging jare bapak, saiki jaman edane jaman edan
Aku ora mudheng apa karepe
Ndek mbiyen dolananku dolanan
Gobaksodor, jumpritan lan bentengan
Dolanan murah ning ora mbayar lan gratisan
Sanajan ecek-ecekan nanging sek penak gawe hiburan
Saiki jaman edane jaman edan
Padha ora gelem njaga warisan
padha seneng hapenan, bebenan, androidan lan pesbukan
kabih wong padha sarwo kadonyan
Nganti kelalen warisan lan kabudayan
Prawan Kunang-Kunang
Ora ana kang padha ngerti wong wadon kuwi
Cilik mungil badanne
Tipis manis katon ing eseme
Kabih mandheg ing kecupane
Wong wadon kuwi ora kena dilogika
Amung bisa dipikir sawatesing pikire manungsa
Wong wadon kuwi bisa ngetokke cahaya
Cahaya kang bisa nentremke mata
Nalika srengenge wus katon bakal tiba
Wengi kang bakal teka
Delengen wae wong wadon kuwi bakal lapo
Mesthi ngetokke cahaya
Kaya prawan kunang-kunang kang njelma widadari
Jejogetan ing sajroning wengi
Mamerke ayu kang asri
Karo ngenteni isuk kang diwanti-wanti
Udan Ing Dhuwur Meja
Tumetesing luh ndlewer saka mata
Agawe kali cilik ing dhuwur meja
Ndlewer, kaserep nganti tekan sikil-sikile
Katon wong wadon kang peteng sunare
Lungguh alum ijen ing njero papan
Meja iki bakal dadi saksi
Dadi saksining udan tan bisa mandheg
Senajan meja mung bisa ndeleng
Udan ing dhuwur meja
Udan nggawa mendhung ing njero jiwa
Nggrogoti raga tan bisa dirasa
Nganti luh wus ora kena ditokna
Saking abote nyunggi perkawis ing ndonya
Tresnaku Ora Bakal Ajor
Saka mata mudhun ing dhadha
Kawujud rasaning tresna
Senajan ora sengaja
Nanging iki dadi nyata
Kowe wadonan kang urip ing wayah wengi
Lunga teka lanangan mampir mung nguyup
Nguyup maduning ragamu
Senajan kapeksa aku kerep weruh esemmu
Tresna iki tan kena diapusi
Senajan mung urip ing njero ati
Nanging tresna iki sansaya gumati
Ngarepna wadonan kang dak wanti-wanti
Tresnaku ora bakal ajor
Kaya geni ngobong kayu kang ora bakal mati
Ora bakal dadi areng
Ora bakal dadi latu
0 komentar:
Posting Komentar