Cerita Rakyat DESA KAURIPAN

Selasa, 16 Desember 2014

Sak durunge desa kuripan madeg, mbien wis ana desa sing jenenge desa pomahan, desa sing cilik sing nang pinggire alas-alasan lan iku desa sing paling tuwa ning wonosobo. lagi setitik desa sing ana nang kota wonosobo lan salah sijine ya desa pomahan iku, di ceritakake nang desa kono wong-wong padha urip tentrem lan padha nyambut gawe padha kerja lan kabeh padha nggolet rejeki sing mestine kudu di goleki. 

Para wargane ning jaman semono durung ana sekolahan, nanging para warga tetep pada bisa sinau, nanging nang pasinaon iku ora padha nulis mung nangkono kabeh padha apalan, ngapalake ilmu-ilmu sing kanggo mangerteni babagan ngingu kewan, tandur-tanduran, panata mangsa lan liya-liyane sing kanggo mbisuke bakal nylametake deweke, lan bisa di turunake marang anak lan putune mbesuge.
Saksuwene urip ana ing desa iku, para warga ing desa iku tetep ayem senajan wargane ora ngerti agama nangi tetep rukun lan ora padha tukaran, merga wong jawa kuwi tetep padha rukun lan tetep nyengkuyung bareng kaya bapak lan anak utawa kaya wong sing wis bebojoan. Lan mergane ya desa iku pancen ana ing sakpinggiring gunung dadi nang kono padha urip bebrayan lan pancen kala-kala nek ana wong sing mampir sing saka panggonan adoh.
Semana suwene desa iku tentrem kaya biasa nanging ing salah sawijining dina desa iku diserang  marang wong-wong sing ora nduweni tata lan ora nduweni andhap. Mesti wae masyarakat kono padha wedi lan wong-wong sing nang desa kono pada lunga ngadoh saka kampunge nganti para kadurjanan sing mau padha lunga, suwe anggone masyarakat padha lunga adoh saka kampunge sing di serang mau merga ing wektu iku durung ana sing wani nglawan wong-wong sing nakal mau, lan para warga bisane mung umpetan ana ing gunung ben selamet lan tetep ngindari wong-wong sing durjana iku mau.
 nang panggonan sing nggo umpetan mau para wargane padha wedi mbok menawa dewke di di temokake marang wong sing nyerang mau iku, nanging bejane para warga pomahan yen pas iku wong-wong sing durjana mau ora ana sing nemokake siji-sijining warga sing umpetan mau. lan sak wise para durjana iku lunga warga masyarakat banjur mulih menyang desa pomahan maneh, nanging ora suwe wong-wong utawa masyarakat kono padha bali menyang desane sak wise desa pomhan iku di serang.
Wong wong sing urip nang desa pomahan kono mau dadi pada ora kraksan karo kahanan ing desa kuwi, mbok menawa warga masyarakate di serang maneh, mula kabeh pada keweden. merga wong ing jaman semono mesti mikire yen wis kedadeyan ngene iki mesti bakal ana sing nyerang maneh tur mesti ora mung sepisan utawa ping pindo tok, lan mesti ora bakal bisa tentrem ora kaya maune maneh, mula wong-wong utawa masyarakat padha pindhah utawa boyong menyang salah sawijining alas sing durung di kapak-kapakke, lan masyarakat padha ngawe umah nang kana. 
Umah-umah wis padha dadi lan para warga wis padha manggon nang panggonan sing anyar mau. Nanging masyarakat palah mung padha dolanan gendhingan wae, utawa padha dolanan kesenian-kesenian jawa kaya dene lengger wayang lan liya-liyane ana ing kampong anyare kono mau. Wis ora kaya mbiyene sing sregep anggone luru pangan utawa pahal kaya dene pas ing sajeroning desa pomahan mau.
Merga meh saben dina wae utawa sangking kerepe wong-wong utawa masyarakat pomahan sing wis padha pindhah ning desa anyar mau iku mung padha dolanan gendhingan wae, nganti ora kepikiran anggone nggoleki pangan kanggo urip ana ing ngarepe, mula wong-wong desa liyane padha njenengi desa kuwi desa sela gendhing, sing wong-wonge mung padha dolanan gendhing wae, sela gendhing iku ya mergane masyarakat desane mau mung padha seneng dolanan gendhingan lan merga ana ing desa iku ya pancen akeh watu sing gedhe-gedhe.
Sabab ngono iku mau mula masyarakat sela gendhing padha keset anggone pahal utawa nyambut gawe wis ora padha seneng nyambut gawe sahingga wargane mung padha dolan-dolan lan padha leyeh wae, wis ora padha kaya biyene pas durung pindhah saka desa pomahan, nanging ana bocah siji sing sing gelem anggone sinau wiwit cilik deweke sregep banget anggone sinau lan pahal panjenengane duweni asma yaiku Urip, bocah enom sing pinter lan sregep anggone sinau lan nyambut gawe iku ora kaya bocah-bocah liyane panjenengane pancen temem anggone sinau lan nyambut gawe.
Saben dinane deweke pahal, sinau terus nggolek rejeki nanging ora kaya masyarakate sing senengane dolanan gendhing utawa dolanan kesenian jawa, merga karepe deweke kepingin mbantu keluwargane anggone nggolek rejeki. Beda karo masyarakat desane sing seneng gendhingan nganti ora mikiri kahanan uripe, nanging warga masyarakat bisa nggawa keseniane menyang desa-desa liyane, ana sing nang bedali, banjaran lan desa-desa liyan sing cepak karo desa kono tujuane kanggo hiburan sing bisa nyenengake penontone lan sing utama bisa bisa mbungahke atine dewe.
Tur neng saben tempat iku beda-beda anggone nglakoni kesenian utawa mentasake keseniyan mau, ora padha anggone mentasake kesenian sing ana ing desa siji tekan desa sijine. Mula saben desa mesti nak ana acara sing nganggo kesenian jawa iku mesti ora ana sing padha antarane desa siji karo sijine lan iku wis digawe pas desa sela gending nyebarake utawa dolanan nang desa-desa kuwi mau.
Sawijining dina kabeh para masyarakat desa liyane ana banjaran, temanggung, manggis lagi  padha nggawe wates-wates lemah sing kanggo gawe tempat utawa wilayah sing bakal di enggo gawe umah utawa kanggo gawe alas kuwi mau, lan para masyarakat kampung liyane ketok sregepe pas nggawe wates kaya mau, nanging ora kaya masyarakat sela gendhing sing ora ngapa-ngapa utawa ora nglakoni apa-apa kabeh padha meneng wae, palah masyarakate mung padha seneng-seneng anggone dolanan gendhingan wae.
Merga ngono iku para masyarakat padha ngrasa kepingin nduweni wilayah sing amba, apa maneh si Urip sing sregep anggone pahal mau kepingin nduweni alas sing amba, ben bisa nandur pala wija lan tanduran liyane sing akeh, nanging ya mung nang pengimpen wae merga wong-wonge padha keset kabeh. 
Bubar warga liyane nggawe wates mau, warga sela gendhing padha getun lan padha kepikiran anggone deweke nek nduweni alas sing amba-amba mau, manging ya nangkono mung dadi pikiran tok ora dadi anggone deweke banjur sregep, deweke tetep dolanan gendhingan wae.
Sawijining dina Urip kon gawe kali marang gurune, merga nang desa kono ora ana kali sing rada gede, Urip banjur nggawe kali iku mau sing di kongkon marang gurune mau. Kali iku digawe lan dadi kali iku rada amba lan rada jero,lan banyu sing ngucur ana ing kali kono mau mili banter nganti kali iku kebak lan miline banyu uga bening tur ora ana lethek-lethekke. Ing sawijining dina Urip lara lan gurune ngomong yen kon nggawa meng kali sing wis digawe deweke pas iku, langsung wae si urip menyang kali iku lan panjenengane langsung kon ngumbe banyu iku mau, lan panjenengane mari anggone gerah. 
Merga iku akeh wong sing pada ngobati penyakite menyang kali iku nganti Akeh wong sing padha lara di gawa menyang kali kono, lan padha mari anggone nandhang gerah. sahingga kali iku di jenengi Sendhang Kauripan, merga akeh wong sing padha lara di jupukna banyu saka kali iku kabeh padha mari penyakite, tur ora kelara-lara meneh, lan merga sing gawe kali iku nduweni asma Urip ,mula kauripan iku dijupuk saka asmane yaiku Urip 
Merga kali iku dianggep keramat karo warga masyarakat sela gendhing lan masyarakat sekitare, mula kali iku banjur di slameti ben kali iku tetep bisa di lestarekake lan migunani kanggo masyarakate, lan saben tanggal siji sura para warga mesti padha slametan ning kono, lan kanggo wong wong sing nduweni jimat utawa keris mau padha ngedusu kerise utawa jimate mau nang kali iku. 
Sawijining dina para masyarakat labuh ora ngrasakna seneng maneng anggone ana ing desa kono mau iku ya sanajan Ing desa kuwi wonge pada ayem lan rukun ora ana masalah apa-apa, lan wargane uga pada dolanan kesenian nganti menyang desa-desa liyane, nganti sepira suwene tetep kaya iku teros.Nanging akeh wong sing labuh ora seneng karo kahanan desa sing senengane mung dolanan gendhingan tok nganti wargane akeh sing padha keset ora gelem nyambut gawe, ora gelem luru nafkah kanggo ngempani anak lan bojone.
Banjur ana pangeran sing di arani pangeran kahuripan saka keraton majapahit sing lagi kelana, banjur deweke mandhap ing desa sela gendhing lan lan ketemu karo Urip, banjur urip nyeritakake kahanan ana ing desane kuwi mau, merga panjenengane krungu ceritane Urip lan uga weuh kahanan sing lagi di rasakake warga mau iku banjur panjenengane ngendika yen warga masyarakat kudu pindah lan gawe desa maning ben kahanane ora kaya sing saiki lagi dirasaake. 
Masyarakat kabeh pada bingung lan padha nolak nanging wong-wong pada pikir-pikir yen to ora mengkono wong-wong mesti ora bakal obah, banjur kabeh padha manut lan padha pindhah menyang alas sing ana ing sisihe sendang kauripan mau. Wong-wong padha nggawe umah ana ing kono lan barang-barang pada di gawani, Umah labuh padha dadi lan para warga labuh pahal utawa nyambut gawe sing kaya semestine lan nang kono padha akeh saling tetulungan. 
Banjur neng kono pangeran kahuripan lan mas Urip njenengi desa iku, lan para wargane pada milu ngrungokake lan pada nyupakati bareng-bareng, banjur desa iku di arani desa Kuripan utawa desa Kauripan, merga desa kono cepak karo sendhang kauripan, lan sing gawe desa iku pangeran kahuripan lan mas Urip.
 Desa kauripan iku ora mung siji tempat tok utawa sewilayah tok merga kauripan iku gabungan saka desadesa liane sing ana jenenge dewe-dewe, mula saben tempat iku ana jenenge dhewe-dhewe, kaya sing nang pinggir kulon desa kuripan di jenengi pancalan mergane nagkono iku template dhuwur lan wong-wong sing nang ngisore kaya dene di pancal. Banjur mbah urip ngendika yen nangkono di arani daerah pncalan lan liya-liyane.
Pangeran kahuripan ngongkon utawa menehi gaweyan kanggo urip yaiku kon gawe candi ana ing daerah keraton, merga urip katone sregep anggone pahal lan katon ora seneng ngapusi, nanging Urip bingung lan mikir-mikir, nanging pangeran kahuripan tetep ngrayu urip nganggo byaran sing rada larang, merga sangking bingunge urip takon karo gurune, lan gurune iku mau ya aweh wae, nanging gurune menehi syarat yen ale golek watu aja nang daerah wonosobo, urup ya manut lan urip banjur siap-siap. 
Sakwise siap Urip banjur pamitan karo gurune lan karo wargane terus Urip lunga menyang daerah keraton sing arep digawe candhi mau iku karo di kanca-kancane sing milu gawe candi, nanging pangeran kahuripan tetep neng tempat kono merga pangeran kahuripan lagi kepingin adoh saka keraton lan pengin mangerteni urip ana ing desa utawa padepokan sing adoh saka keraton, ben bisa semedi ana ing tempat tempat sing sepi kaya nang daerah gunung.
Pangeran kahuripan budal tapa ana ing daerah gunung sing cedhak desa kuripan nang gunung mau kuwi pangeran kahuripan tapa rada suwe. Lan nganti wektu sing di jatah wis rampung  anggone tapa ana ing gunung, banjur pangeran kahuripan bali menyang desa mau iku banjur pamitan marang warga masyarakat kuwi mau lan lunga saka desa  kauripan bali menyang keraton, lan nang kana pangeran kahuripan urip bareng bareng keluwargane.
Ning kraton mau Urip di wulang unggah-ungguh marang wong-wong sing ana ing kraton, karo nggawe candhi karo sinau unggah-ungguh mbarang. Cadhi sing digawe mau wis dadi banjur Urip kundur menyang kuripan lan mulang warga  kuripan babagan unggah-ungguh sing wis di sinaoni ana ing keraton mau iku.
Wong-wong sing ana ing desa kono saya suwe saya rosa tur padha dadi sekti, mula wong-wonge sing padha sekti-sekti mau padha nggaweni gaman kaya dene arit, parang lan liya-liyane, sabab iku akeh uwong sing saka kauripan dikanggokake keraton kango gawe keris, tumbak, utawa pedhang, lan masyarakate uga di kanggokake kanggo nggaweni candhi ana ing kraton.
Sangking sektine wong kauripan olehe deweke nggaweni keris utawa pedhang iku ora sumelang di pandhe utawa bahane kuwi mau di obong ndisit, nanging bahan kuwi mau cukup di pejeti lan dibengkong-bengkongake nganggo tangan ora mbutuhake alat apa bae.
Merga kasektene iku akeh wong sing ora seneng karo wong kauripan, banjur masyarakat kauripan di ancam karo masyarakatliyane lan arep di serang karo masya rakat liyane, Terus ana wong takon karo masyarakat liyane yen saiki urip iku nang endi, terus di jawab wae yen si urip iku lagi lunga gawe candi ana ing daerah kraton. Langsung wae  nusul si urip menyang daerah kraton tujuane arep ngerti kesektene kaya apa lan arep nyinaoni.
Sakwise ketemu wong mau iku langsung njaluk tulung di warai ilmune iku mau. Merga Urip iku wonge apikan dadi urip tetep marai wong mau iku sing ora jelas seka ngendi ngendine, lan ale mulang iku nganggo rasa sing temenanan nganti sing di warai iku ngasi bisa, saben dina urip marai wong mau kaya dene murid sing di tresnani banget, wulangane wis rampung lan sing di warai iku njalik pamit.
Sakwise pamit wong mau iku melbu menyang desane mau. Terus wong mau ngobrak abrik desa kauripan, sahingga akeh warga kuripan sing pada cidera lan pada luka luka, lan para warga ngarep arep tekane Urip kanggo mbales kelakuwane wong iku mau.
Urup durung bisa mulih sakdurunge candi sing di kongkon gawe mau di rampungke, nanging isih mbutuhake watu akeh lan nang daerah iku wis langka watu, banjur Urip kepikiran yen nang wonosobo iku ana watu akeh tur gedhe-gedhe, nanging merga kepepet, lan ora suwe mikir urip lan kanca-kancane sing milu mbantu pada njupuk watu nang daerah wonosobo iku. Watu di jupuk nganti akeh banget nganti lemah sing dijupuki watu iku mau bolong kaya guwa. 
Nanging apa sing kedadeyan lemah sing nang nduwure watu iku Guntur amba banget ngsi ngurugi desa sing ana nang pinggire, urip ngrasa nyesel merga ora gelem manut karo omongane gurune. Nangi tugas tetep tugas, merga urip durung ngrampungake tugas iku urip tetep ngranpungake tugase nggawe candi ngasi rampung, Banjur Urip ngrampungake candhine lajeng kundur menyang kampong halamane yaiku desa kauripan. 
Nanging pas nang dalan Urip di todhong lan di serang marang begal sing ana nang pinggir dalan. Urip mlayu nanging begal mau iku tetep ngoyok anggone urip mlayu, lan urip kecekel banjur Urip di serang ngasi oleh tatu sing paling akeh merga panjenengane di antemi segrombolan begal-begal lan Urip ora bisa nglawan merga sangking akehe mungsuhe lan padha nyerang bareng mbok sektiya kayangapa tetep kalah nek di kroyok bareng-bareng, Lan barang-barange di jaluk nanging bejane Urip, panjenengane di tulung karo warga masarakat kono lan nang kono urip di gawa mulih lan di tambani ngasi mari banjur urip di terusake ale mulih.
Urip tekan kauripan lan njalok marang gurune kanggo latian banjur nangkono Urip latian lan urip di wenwi ilmu kanggo njaga awake dewe ben slamet yen arep lelungan utawa arep nggolek gaweyan ana ing papan utawa panggonan sing adoh saka kampunge dewe. Pirang-pirang sasi deweke latian nganti pinter lan lanyah.
Urip sing maune nang kauripan, banjur di kongkon gawe candi ana ing dieng sing pancen golet watune ya adoh tur dalane ora gampang. Urip banjur nyanggupi lan urip metu saka kampunge lan menyang daerah dieng lan nggaweni candi ana ing kana, saben dinane natahi watu terus nggawani watu sing gedhe mau menyang template sing arep di gaweni candi, karo di rewangi masyarakate saben dina-dinane nggaweni candhi. 
Wis akeh candhi sing di gaweni salah sawijine ana ing diyeng sing olehe gawani watu kanggo gawe candi saka daerah ngisor digawa menyang nduwur sing adohe nganti pirang puluh-puluh kilo meter lan iku sabendina ngelakoni kayang kono.
Urip sanget di segani marang wong-wong sing ana ing daerah kono lan akeh para warga kraton tindak menyang desa kahuripan amarga badhe sowan menyang mbah urip. Mbah urip uga menehi kawelasan marang warga masyarakate.
Nganti ana jaman landa sing njajah bumi wonosobo, desa kahuripan diobrak abrik marang walanda lan para wargane akeh sing pada di jajah, nanging mbah urip tetep mbelani warga masyarakate lan mbiyantu warga masyarakate kanggo ngusir walanda. Urip perang karo bangsa landa lan urip bisa mateni bangsa landa sahingga bangsa landa mau pada lunga. Lam ora mbalik mneh menyang desa kauripan .
Sakwise iku desa kahuripan di tekani marang wali wali sing lagi pada kelana lan mandap anan ing kahuripan, ing kono warga kahuripan di wulang agama islam nganti pirang-pirang tuan suwene.
Merga wong kuripan iku ora gelem nampa pangandikane para wali banjur wong kuripan iku suwe banget anggone dadi wong islam lan bisa maca nulis al Qur’an, nanging luwih bisa yen deweke kon sinau masalah aji-ajian sing nggaweni deweke sekti.
Nanging para wali iku tetep ora gelem lelena para wali iku tetep sabar anggene mulang masyarakat kuripan lan tetep mandap ana ing kang, ngan ti para wali iku lunga, nanging para wali iku ninggal pengikute sing di karepke kanggo mulang wong sing nang desa kuripan, kanggo mulang wong sing nang dsa kuripan nganti ngerti lan bisa pindah agama islam.
Lan para warga bisa percaya karo ajaran sing anyar mau nanging ora sekabehane ngandel marang ajaran mau, lan para warga ege akeh sing tetep manggon karo ajaran agama sing mbien.
Mbah urip kundur lan nangkono di wejang karo pengikute para wali ben bisa gelem milu ajajran sing anyar ke mau, nanging mbah urip urung bisa gelem milu ajaran kaya mau kuwi, mbah urip tetep karo ajaran sing mbien, nanging suwe saya suwe mbah urip bisa gelem milu ajaran sing anyar mau iku.
Banjur iku ana para walnda melbu menyang tanah jawa lan arep ngrebut kekuwasaane sing ana ing tanah wonosobo, banjur wong wonsobo lan sak sekitare ora nrima lajeng ning kana pad perang.
Ing jaman peperangan desa kuripan pada milu perang kanggo ngusir walanda, nanging ora kabeh mung sing bisa perang wae, lan mbah urip tetep mandegani wargane ben wargane ora pada mati ana ing peperangan.
Sesuwene perang nglawan penjajah akeh para warga sing pada mati, nanging ing perang iku para walanda ake sing padha mati merga Urip lan warga-warga liyane sahingga walanda kalah lan mundur saka bumi wonosobo, para wali  lan para kawiula kraton pada seneng marang warga ing desa kuripan.
Perang wis bubar lan para warga masyarakat kundur ana ing omahe dewe-dewe, mbah urip uga milu mulih menyang kampunge, lan urip tetntrem kaya biyasane. 
Mbah urip banjur nganakake sukuran ana ing desa kono sing tekan saiki tetep di lakoni marang warga desane, banjur warga masyarakat nglakoni ana ing saben taune ing dinaing pada karo sing dilakoni mbah urip.
Pangeran kahuripan kesah banjur mandah ana ing desa kuripan meneh lan niliki kahanane desa kuripan iku, ning kono pangeran kahuripan di sambut nagnggo wayanglan lengger sing ana ing desa kono.
Lan pangeran kahurpan  ana ing desa kuipan nganti seda ana ing kono, ning daerah kono uga digawe candi kanggo ngubur jasade pangeran kahuripan.
Mbah urip sing isih gagah banjur lunga ngedohi desa kuripan merga ana sing bakal d karep ake, lan para warga tetep pada kerja utawa pahal kaya biyasane lan wis kala kala anggone dolanan gendhing, ora kaya pas ijeh nang desa sela gendhing mau iku.
Nganti semana suwene urip lunga ana ing kota liyan urip sregep banget nganti pirang-pirang gaweyan di rampungke banjur urip mulih ana ing desa kauripan maneh.
Pirang pirang wulan urip lunga saka desa kauripan, lan saiki kundur menyang desa kauripan lan nang kono kerja kaya biasane, suwe nang desa iku ora ana sing mimpin merga wis di tinggal marang pangeran kahuripan banjur  nang kono wong wong pada rembugan yen nggawe urip dadi pemimpin desa utawa lirah nang desa kono, rembugane rampung banjur nang kono urip madeg dadi lurah, lan nang kono Urip bisa sejahtera lan bungah karo masyarakate. 

0 komentar:

Posting Komentar

Categories

Diberdayakan oleh Blogger.