KANCAKU, wanara, “jare Sinta,” “aku ora ngerti apa aku kudu seneng utawa sedih sakwise krungu kabar sing mbok gowo. Omonganmu kaya madu sing dicampur racun. Tresnane bojoku maang aku iku kaya madu sing paling legi, lan kesedihane pisah karo aku kuwi racun sing paling pahit. Sinta ngungkapke apa sing dirasakke. Deweke ngrasa tentrem nek ngungkapke tresna lan kesedihane.
Kesenengan lan kesedihan iku silih berganti marang manungsa. Sinta terhibur tapi pas wektu kuwi Sinta berduka ternyata Rama ora nglalikake tapi malah mikirake lan goleki. Dewe iku wayang sing dilakoake tali kesenengan lan kesedihan, “jare Sinta.” ora ana sing iso ucul saka tarikan tali kuwi. Wayang sing dilakoake karo tali yaiku aku, Lesmana lan bojoku. Koe ngomong nek bojoku aku sengsara ing kapal iki amarga aku kejebak lisus nek laut sing jero iki. Oh kapan deweke teka rene? Kancaku wanara kapan deweke ape ngancurake Rahwana karo bangsa raksasa? Kabeh iku kudune dilaksanakno kurun waktu rong sasi.
Tulung kendakno ning bojoku wektuku ki kari rong sasi, dulurku cilik rahwana, sak kuate aku bujuk Rahwana kanggo balik ning dalan sing bener. ‘balikna Sinta, slametna alengka karo bangsa raksasa, ‘ngomong ning Rahwana. Tapi, upayane sia-sia. Ning jero atiku aku percaya. Aku ngerti Rahwana nembe nuju ana ing cilakane dewe. Ora suwe meneh bojoku bakal basmi entek musuh-musuhe lan gawa aku balik. Ning jero iki aku ora ono keraguan. Atiku seh suci ngomong ngono lan pasti terbukti.
Sak wuse kuwi Sinta ngomong karo ana lohe neng pipi. Hanoman ora tegel ngesakno penderitaane Sinta.
Biyung, wektu iki aku bakal lunga, lan gawa Rama moro rene. Deweke bakal nyerang alengka karo balatentara sing pol kuat. Tapi, ngopo ngejarno sengsara luwih suwi meneh? Nek setuju, koe bakal tak gendong. Aku bakal nggendong koe nglewati samudra lan wektu kuwi juga nggowo koe balik ning Rama. Ojo nggawe ragu ilmuku. Kaya Batara Agni nggowo sesajen suci kanggo Batara Indra, sak wise kuwi aku bakal nggowo koe ning tuanku Rama. Kenalna aku, oh, wong wadon sing nduwe ati murni, kanggo gowo koe lunga teka kene. Aku ora sanggup nggowo koe bali ning Rama. Aku nduwe kekuatan kanggo nggancurna Alengka sak dasar-dasare. Aku isa meksa kerajaan iki lan rajane patuh ning ngarep sikile Rama! Linggih ning gegerku. Kaya Rohini dadi siji bali ning dewa bulan, koe bakal karo Rama maneh. Nek aku teka karo mencolot, sak wektu kuwi aku bakal mencolot nggowo koe ning sebrang.
Hanoman ngomong semangat lan rasa tresnane ning Sinta. Tapi, Sinta bingung, kok isa ketek cilik ning ngarepe isa nggowo ngliwati laut. Hanoman ngeti nek Sinta kuwi ragu-ragu. Deweke ndudohno kesaktiane. Deweke mencolot ning njaba pendapa lan gawe awake gede. Ngeti kuwi, Sinta seneng banget.
Tapi ngomonge, “oh anakku Batara Bayu! Aku ngerti kekuatanmu. Tapi, ora semestine koe nggendong aku. Para raksasa mesti bakal ngalangi kene. Kabeh mau bakal ngetokake senjata ning arahmu. Pengertianmu bakal nuju kanggo ngayomi aku. Koe ora bakal isa musatake perhatianmu kanggo tukaran lan isa gawe cilaka kanggo prajurit sing paling kuat. Peperangan iki, wong-wong ora isa yakin nek bakal menang. Lan, apa sing isa tak lakoni nek koe tibo? Nek jejere kuwi, nek engah-tengahgempruyuh wong tukaran sing ora isa dikalahno, apa koe bakal isa jaga aku ning gegermu? Isa wae, aku kepleset lan jegur ning laut. Amarga kuwi apike aku tetep ning kene, nek koe arep nggowo aku ngumpet-ngumpet, tanpa wong kuwi ngarti, apa sing bakal diomongno tentang kehormatane bojoku?
Kehormatane bangsa kesatria nyaratake kudu teka, perang lan ngalahake Rahwana. Aku bakal digowo bali kanggo kemenangane. Apa Rama bakal bales culik aku kaya sing dilakokno Rahwana? Ora, anakku, balik lan cepet gowo Rama lan Lesmana karo tentara wanaraning kene. Muga-muga bojoku sanggup ngancurake Alengka nganggo panahe lan menang. Kaya panase serngenge ning dina kiamat, panahe Rama bakal bakar bangsa raksasa dadi awu.
“koe bener,” jarene Hanoman, “aku bakal balik dewe. Tapi, apa ya bakal aku ngomong ning Rama? Tanda apa sing kudu tak gawa kanggo bukti nek aku wis ketemu lan ngomong karo koe?” krungu omongan kuwi Hanoman, Sinta kelingan dina-dina seneng karo Rama. Loh mripate geneng ning matane. Nek deweke ngomong ning Hanoman lan Hanoman kuwi ngomong ning Rama nek ana kenangan apik sing mung aku karo deweke sing reti, iku bakal dadi bukti nek Hanoman wes ketemu lan ngomong karo deweke. Sak wise kuwi deweke, bakal isa nujukake posisi erba putus asa. Airmata ning pipi, iki kisah indah ana ing alas.
“pas kuwi ning citakota, aku lan bojoku mlaku-mlaku ning alas cedak kali. Pas wes kesel kene ngaso turonan ning lemah. Sirahe senden ning pangkonku lan keturu. Wektu deweke turu ana manuk gagak nyedak lan matuk-matuk dadaku. Aku wis ngusir tapi deweke balik meneh. Aku ngerasa keganggu. Sak wise kuwi aku nyawat gagak kuwi gawa watu. Deweke ora anarasa wedine. Rama tangi ngeti aku keganggu lan nangis. Wektu ngeti aku sing tak rasakno kuwi gara-gara manuk gagak. Deweke guyoni aku, tapi, deweke weruh tatu abang ning dadaku lan ngerti nek dadak kuwi Asyura. Gagak iku mabur lan Rama cepet-cepet ngecolna anak panahe lan anak panah iku ngajak nendi wae gagak kuwi mabur. Akhire gagak iku lumpuh ning sikile Rama lan jaluk ngapuro.
“ceritkna kisah iki. Oh, Hanoman aku ora kuwat meneh ana ing kene secepete slametno ku”
Loh kuwi netes meneh ning pipine pas deweke crita, “pas kesempatan sing liya, kene wong loro mlaku-mlaku ning alas. Aku keselen. Peluh gawe cilaka ning bathukku. Disambi deweke nggluweh ning aku, bojoku jupuk watu abang lan didokokke ning batukku karo tangane sing alus. Deweke takon apa koe eling peristiwa iki.”
Sembari aku crita kenangan-kenangan apik kuwi karo bojoku beban penderitaan sing tak alami wektu iku juga dadi ora isa ditahan, deweke nangis lan ngomonge.
“apa sing kudu tak omongke neng Rama, aku ora reti apa aku kudu gawe murka? Omongno wae karo deweke, aku wenehna sembah hormatku ning deweke. Iku tok. Ana Lesmana, dulur sing ditakdirna gawe nglayani deweke. Deweke iku prajurit sing dipilih tanding. Ngerti rupane sing ganteng, bojoku wis isa glalikake kesedihane ning dina kematiane bapake. Lesmana, pahlawan sing atine murni, ninggalna ibune lan melu urip ning alas, deweke nganggep aku kaya ibune. Ngomonge deeke ning aku kene kudu ngakhire kesengsaraan iki.
Kene mikirna keperwiraan lan setiane Lesmana, lohe Sinta netes. Bukane wektu Rama ngajak kidang kencana, deweke ngece lan ngomong sak jeroning sebilu ning kancane lan setia tanpa pamrih kuwi? Kenangan tindakan ora adil sing deweke lakokna ning Lesmana gawe atine nyesel.
Sinta ora pingin pisah karo Hanoman, sing teka lan gedekna atine persis kaya deweke ngenteki uripe. Wektu sing pada, deweke pengen Hanoman balik secepete lan gambarna keadaan ning Rama.
Akhire, deweke ngomong “anakku, perhiasan iki sing ngei ibumu wektu aku kawin lan dipasangna ning batukku karo almarhum raja. Jupuko lan wenehna ning Rama sebagai bukti dariku”
Sak wise ngomong ngono, deweke nguculna talinane ning slendange, deweke ngetokake perhiasan endah iku lan diwenehna ning Hanoman. Hanoman nampa.
Atine Hanoman ngembang karo rasa bangga wektu nerima perhiasan kuwi. Atine melayang adoh ning Rama. Batine Hanoman uwis lungo ngadek lan ngungkapno rasa bungah ning Rama meski awake isih ning tanah Alengka.
“kanca tersayang,” ngomonge Sinta, koe kudu ngomong ning Rama kabeh sing wis ndok dungokna kuwi mau. Koe beruntung isa bantu nentokake kemenangan.
Wektu Hanoman ape lunga Sinta ngomong meneh, “Hanoman, wis tekan rasa tresnaku ning Rama lan ning raja Sugriwa lan para pemimpin wanara lain. Omongno ning wongkae supaya ngewangi Rama nyelametake aku teka samudra duka iki. Aku berharap koe isa bantu Rama lan ngedekna atine.”
“ojo sedih, anakku tersayang. Rama, Lesmana, lan bala tentara wanara ora meneh nyerang Alengka lan basmi bangsa raksasa lan bebasna koe. Percaya soal kuwi.”
Wektu Hanoman melangkah lungo, Sinta ngomong meneh, “apa koe ora ngaso sek neng kene, nggowo wektu sing suwe? Apa koe langsung ape lunga? Tekamu isa ngedekna ati lan gawe aku lali karo sedihku. Nek koe lunga, mesti aku kejegur ning samudra kesedihan. Koe tekan gon kene wis nyebrangi lautan sing ombo. Mboh piye Rama lan bala tentara ketek bisa nyebrangi lautan sing ombo kuwi? Apa koe wis nduwe?” mamang kuwi ning atine Sinta meneh.
“ndoro putri, wis ora usah khawatir, “ ngomonge Hanoman” apa koe mikir aku siji-sijine wanara sing isa mencoloti laut kuwi? Ana akeh wanara sing luwih kuat lan sakti teka aku. Ora, mung Sukriwa. Isih akeh anggota pasukan wanara sing isa mabur lan ngubengi ndonya. Apa atine laut ombone ngono kanggo deweke? Ana ewonan teka kene sing isa mabur ning awang-awang, aja khawatir. Apa koe mikir deweke bakal ngirimake prajurit pol apik mung kanggo ngandakno pesene? Ndara putri, aja sedih ora suwe meneh aku bakal nggowo pangeran loro sakti mandraguna ning gegerku. Deweke bakal morat-maritna kota iki nganggo panah-panahe deweke. Deweke bakal binasa rahwana lan bangsa raksasa. Koe kudu nyebrangi laut sengsara lan ngidakno sikil ning pinggiran laut katresnan.”
“Dewata memberkatimu, lan pitrang-pirang dina iki, koe bakal nyaksikna pangeran loro, karo busur ning tangan, ninggerbang kota Alengka, ngenteki bangsa raksasa.” Sakwise ngomong kaya ngono, Hanoman ndingkluk lan siap mangkat.
“omongna ning Rama lan Lesmana, aku isih urip, “omonge Sinta” aja ngguwak wektuku. Mugo-mugo Dewata merestui koe” Hanoman mangkat. Ayo kene renngna karo hikmat putra Arjana sing perwira iki. Deweke kuwi utusan bijak sing isa gedekna lan hapus kenelangsanane Sinta.
0 komentar:
Posting Komentar