Cerita Rakyat KALIWUNGU Jawa Tengah

Selasa, 16 Desember 2014

Ing jaman biyen ana ing papan panggonan sing saiki di sebut Kaliwungu. Ana kacarios sing taksih ana ing masyarakat nganti sakniki. Ana tiga tokoh yaiku 1. Sunan katong 2. Kyai penjalin 3. Paku waja. Katiga tokoh punika kagungan satunggal guru lan taksih satunggal perguruan. Satunggaling tokoh punika wonten ingkang gadhahi watek ala yaiku Pakuwaja, Pakuwaja gadhah watek iri kaliyan Sunan Katong lan Kyai Penjalin amargi Sunan Katong lan Kyai Penjalin gadha ilmu ingkang langkung inggil tinimbang Pakuwaja.
Pakuwaja duwe rencana ingkang ala yaiku badhe mejahi Sunan Katong lan Kyai Penjalin, Pakuwaja wegah kesaing ilmune. Pakuwaja pengen dadi wong ingkang paling sakti.
Satunggaling dina Pakuwaja ngajak Kyai Penjalin ing alas, ing alas iku Pakuwaja gelut kaliyan Kyai Penjalin sing taksih satunggal perguruan, Pakuwaja gelut kaliyan Kyai Penjalin nganti matahari surup ing sisih kulon. Pakuwaja gunakake cara sing licik supados Kyai Penjalin kalah. Pakuwaja ngerti yen kelemahane Kyai Penjalin iku ana ing mripate amargi mripate ora bisa weruh kanthi jelas yen ora ana sinar. Pakuwaja bisa mejahi Kyai Penjalin ing alas kui. Alas kui sakniki di sebut desa Penjalin.
Sak uwise Pakuwaja mejahi Kyai Penjalin, Pakuwaja pengen mejahi Sunan Katong. Sunan Katong iku ilmune langkung inggil tinimbang Pakuwaja lan Kyai Penjalin.
Sak wijining dina Pakuwaja nemuni Sunan Katong ana ing pinggir kali. Pakuwaja nyerang Sunan Katong kanthi amarah lan brutal. Sunan Katong lan Pakuwaja gelut kanthi agung sahingga damel gempa ing papan panggonan punika. Amargi Sunan Katong ilmune langkung inggil tinimbang Pakuwaja, pungkasanipun Pakuwaja kalah anggone gelut kaliyan Sunan Katong. Pakuwaja sekarat badhe pejah lan getihe tercecer lan ngalir ana ing kali.
Sak durunge Pakuwaja di pateni kaliyan Sunan Katong, Pakuwaja jaluk ngombe amargi Sunan Katong tiyang ingkang apik lajeng Sunan Katong madep buri badhe mundhut banyu, nanging pas madep memburi Pakuwaja nusuk Sunan Katong ana ing punggunge ngantos Sunan Katong pejah lan getihe ngalir ana ing kali. Sak uwise nusuk Sunan Katong, Pakuwaja uga mati lan getihe Sunan Katong lan Pakuwaja ngalir ana ing kali sahingga banyu kali kui dadi warna ungu. Lajeng papan panggonan kui di sebut Kaliwungu ngantos sakniki.

Narasumber : Sigit Budi Prasetyo

0 komentar:

Posting Komentar

Categories

Diberdayakan oleh Blogger.