Cerkak Bima

Rabu, 10 Desember 2014

Sajroning kerajaan Astinapura katon prabu Duryudana sing lagi kebingungan lan
kuwatir karo keamanan negarane amergi ana pendeta anyar ing sumur tunda( gunung perbatasan astina/ gunung argakelasa) sing jengene begawan Bima suci. Saya dina saya akeh rakyat astina sing meguru karo pendita kuwi. Kedadean iki disawang  duryudana bakal ngilangi kewibawaan bisa-bisa dianggap merongrong kedudukan. Kekhawatiran iki malah disurung karo Sengkuni sing dadekake Duryudana nyalahno pendeta druna amergi wis di pangertini begawan Bima suci kuwi ora liya yaiku Werkudara sing dadi murid druna. Duryudana karo Sengkuni nggunem druna (mergo lapo kok mesti druna sing nyilokoi bima sing hiya hiy waliane bima malah sing nyilokoi amergi Bima wis isa ngolehake ilmu kasempurnan nanging ora langsung bali nang nagari amarta malh gawe pertapaan ing wilayah astina).
Nanging tuduhan Duryudana karo Sengkuni mau dibantah karo drana, bima ngolehno ilmu kasempurnan niku amergi berkat ketekunanae  lan ketabahan ing ndalem ngadapi sekabehane pecoban lan rintangan siji bedo karo kurawa lajeng sengkuni ngomong (terus lapo bimo ora langsung muleh nyang amarta malh dirikno pertapaan ing wilayah astina opo iki salah sijine strategine), lajeng druna nyelani karo nyakinno duryudana karo sengkuni  (ndik sisi liyane malh nguntungno astina amergi bima milu-milu ndii lan bina moral rakyat astina, ndek sisi liyane maneh ora anane bima ing amarta iku iso ngringkihno negara amarta, menawi bima ora ana ing kerajaan berarti kerajaan kelangan kekuatan sehingga nggampangna ndewek ngancurna negara amarta). Lajeng druna nyelok muride sing anyar kanggo ngewangi nyerang negara amarta iku druna ngelakoni iku mau kanggo nunjukna kebeneran pendapat lan kesetiaan karo raja lajeng piyambak bakal nemui bima kareben tetep tekun ndolok ing pertapaan. Duryudana nyetujui pendapat duryudana mau lajeng duryudana merintah sengkuni nggawa parakurawa ngewangi raja sabrang kanggo nyerbu amarta.
Ing kerajaan amarta para pendawa kagton kebingungan sedih lan susah amergi bima sing wis bubar ngolehna ilmu kasempurnan ora bali-bali nang kerajaan malah ngilang ora weroh ndek ndi ndoloke malh disusul karo arjuna sing sing iya lungo mbuh nandi parane amergi tanpa izin tanpa kanda karo dulur-dulure kedadean iki malah bakal bebayani keselamatan negara. Ora suwe patih tambak gandum teka karo wajahe sing ora tenang lapor nang kunta dewa babagan anane musuh sing bade nyerang negara amarta. punta dewa kaget lan kebingungan amergi dulur-dulur pandawa ora lengkap nanging ora ana pilihan meneh punta dewa lajeng merintah para putra-putra pandawa sing isih ana ing amarta kangge ngadepi serangan musuh. Ing ndalem peperangan para putra-putra pandawa kuwalahan ngadepi raja sabrang sing didukung prajurit-prajurit astina. Prajurit-prajurit amarta akeh sing gugur krana saking saktine raja sabrang dibentak pisan prajurit-prajurit amarta muncal-muncal miber nang ndi cebloke, lan prajurit liyane kucar kacer nyelametna awake dewe-dewe.
Ndek kahyangan jonggring saloka, betara guru uga kawatir anane bima suci sing ngajarna ilmu kasempurnan ing para menungsa. Iki bakal ngurangi eksistensi ndoloke lan kedudukan para dewa. amergi menawi para menungsa ndalemi ilmu kasempurnan menungsa malah ora gelem nyembah lan berbakti karo dewa. terus betara guru merintah para prajurit dewa kangge ngusir bima suci saka pertapaane sing dipimpin karo betara bayu, betara brama lan  betara endra.
Lajeng ing ndalem tengah jaten arjuna lunga nggoleki kakake dewean arjuna ngerasa sedih amergi bima sing bubar ngolehi ilmu kasempurnan ora muleh malah ngilang lunga ora ngerti parane nanging miturut sarane semar arjuna dikongkon lunga nang wilayah negara astina mengko bakal nemokna panggonane bima kakakne.
Ndek gunung arga kelasa/sumur jala tunda bima lagi diparani anoman, niat awale anoman mung pengena ngelengna lan ngongkon bima cepet muleh nang amarta nanging sak wise anoman ngerti kedudukan bima suci sing sakbere malah anoman malah meguru nang  bima suci. Ora suwe teko meneh sang drona njalanno rencanane sing tujuane ndorong bima ben tetep ndolok ing pertapaane. Lajeng teko maneh Arjuna sing badhe mbucuk kakakne di ajak mulih nyang Amarta malih amergi lek di tinggal lami-lami bakal mbebayani keslametane negara Amarta, nanging sak wise Arjuna ngolehi pitutur lan wejangan saka Bima Arjuna malah meguru nyang kakakne Bimasuci lan pingin melu ndolok ing pertapaane Bima suci.
Lajeng Drona, Anoman lan Arjuna di kengengken lunga ninggalno Bimasuci dewean amergi arep ana para Dewa tekan yaiku Batara Bayu, Brama lan Endra. Para Dewa niku tekan arep ngusir Bima nanging Bima ora gelem, malah ndadekake padu mulut, omongan-omongan seng metu saka mulute Bima abot sampek Dewa-Dewa iku kuwalahan ora isa mbantah maneh, lan ndadekke para Dewa nesu mureng-mureng lajeng Dewa ngetokake gludug, geni, lisus, lan banyu, nanging iku isih isa di atasi karo Bimasuci. Amergi para perajurit dewa ora isa ngusir Bima saka pertapaane Batara guru ora trima lan melu-melu mudun saka kahyangan kangge ngusir Bima, Batara Guru lan Bimasuci ekel-ekelan masalah kedudukan lan eksistensi para Dewa sing sak temene sing ya di kaitno pisan marang ketauhitan. Batara Guru uga kuwalahan ngadepi Bima amergi Bima iki ora Bima biyasa nanging Bima sing di leboni sang hyang Wenang Batara Guru nyadari iku, bareng Batara Guru ngerti sang hyang Wenang melbu ndek awake Bima, kabeh sing di omongno Bima ndadeke Batara Guru sadar lan ndadeke tobat, lajeng Batara Guru ninggal Bimasuci bali nang kahyangan.
Sak wise Batara Guru mungkur Arjuna, Anoman, lan Drona bali nemoni Bimasuci malih nanging sak durunge ngomong napa-napa malah tekan malih Kresna teka pingin ngilingna Bimasuci kareben mulih nyang Amarta saliyane niku Bimasuci uga di tuturi, usahane tek ngolehna ilmu kasampurnan kuwi ora mung nglakoni ibadat tok lajeng ninggalno kadonyane nanging uga isa di lakoni kanti darma ing urip sadina-dinane, sapa sing nglakoni kebajikan milu memayu hayuning bawana lan di landasi kanti rasa ikhlas lan pasrah kalian pengeran supados insya Allah bakal di tampi lan bakal ngolehna ilmu kasampurnan uripe apik ndunya akhirate, lajeng Bima uga di kandani lek negara Amarta lagi ora aman di serang musuh lan Bima di kengken nylametna negarane lan rakyat-rakyate.
Ora suwe tekan malih Gatot Kaca lan Antareja golong koming kedandap-dantap tiba ora tangi lajeng Bima langsung nulungi lan di sadarna bareng wis sadar Gatotkaca kalih Antareja lapor babagan kondisine Amarta sing kurat-karit di serang musuh, Bima langsung kaget ngadeg kaya-kaya ora percaya banjur Bima sadar atine kegugah lan langsung Budha karo Arjuna marang Amarta bareng wis sampek Bima, Arjuna lan sadulure melbu perang kanggo ngusir musuh-musuhe nanging kabih ora ana sing bisa mandegna Raja Sabrang para Pandawa kuwalahan amergi saking saktine Raja Sabrang niku wau, lajeng Semar turun tangan lan sing ngadhepi Raja Sabrang dewean, Raja Sabrang montang manting kuwalahan ngadhepi Semar lajeng tundhuk merga kalah banjur Raja Sabrang malih ing wujud asline yaiku Batara Kala, bareng di takoni Semar “tujuannmu ngapa ngubrak abrik Amarta.?” Karo ampun-ampun Batara Kala njawab “ora ana tujuan apa-apa kejaba mung ngilingna Bima ben bali nyang Amarta”. Krungu omongane Batara Kala mau banjur para Kurawa ngrasa isin lan malah muntap ngamuk nanging Bima isa ngusir kabeh.

Para Pandawa bersyukur amergi Bima lan Arjuna bali nyang Amarta malih lan para Pandawa isa bersatu malih, saengga ketenteraman, kedamaian lan kesejahteraan bisa kawujud malih ing bumi Amarta.

0 komentar:

Posting Komentar

Categories

Diberdayakan oleh Blogger.